Dheket Mangsa Lebaran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 April 2024 07:29 WIB)
- Laporan
Kadhung gelem keliling melebu metu lompongan kampung, keliling ngeliwati dalan dalan gedhi lan ring bucu-bucune dalan-dalan kutha, akeh tumpukane dheket hang uwis dibuntili tas keresek lan jabil. Ngertenana, dulur-dulur Pasukan Kuning ya milu lebaran, akeh hang milu mulih ring kampunge.
Sedheng hang mbuwang dheket ya sing mandheg-mandheg merga aktipitase saya akeh lan ngasilaken dheket hang sing sithik. Mula, kabeh pihak kudu sabar lan gelem ngerteni.
"Iki mung masalah wektu. Kadhung para Pasukan Kuning uwis mari lebaranan lan uwis balik maning aktipitase, Insyaalloh masalah dheket iku bisa kecandhak. Saiki magih sing kaibukan," abane Ketua RW IV lingkungan Kali Lo V Kel.Pengantigan Banyuwangi, Lukman Hakim.
Aktipis Warung Jemuwah Gratis iku uga ngarep-ngarep ring kabeh warga supaya rada ngerim ulihe nambahi dheket lan ngurangi gerundengan, paran maning hang pager umahe dienggo ngebregi dheket ambi tangga-tanggane. Kabeh ya kudu gedhi pengerten.
"Kadhung using, byek, bisa penthungan gara-gara dheket. Isun ya mbuntili dheket. Ya Sun tumpuk ring bucu lompongan. Masiya mburi umah iku kalen gedhi Kali Lo, Isun emong mbuwang dheket ring kalen. Tambah bahaya Ndhoh!" abane warga Gemblungan, Kang Padil.
Kadhung miturut Pesapon, hang tukang muputi dheket ngambul merga tukuk-tukuk iku sing ngewani persenan nalikane ngarepaken lebaran. "Tambah-tambah sopir truk DLH hang tukang ngangkut ninggal, Kang. Lebaran kurang sedina sabene ika. Sekaken, Kang.. jare sing kathik lara. Njaluk tulung Kang gancang laporena ning DLH Kang. Makene gancang diangkut," abane Pesapon hang arane sing gelem ditulis.
Hang mesthi, sawangane dheket ngumbruk ring pinggiran dalan kutha sing enak dideleng sapa bain.
Para wong kelenceran (wisatawan) uga nyawang dheket-dheket iku. Masiya tah wis sing nyuwara.
"Muga-muga petugas Pasukan Kuning aju gancang tandang muputi dheket-dheket iku!" abane Kang Padil mungkasi gesah ambi belambangan.com.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









