Diaspora Banyuwangi Sambang Tanah Kelairan
Ermi Rossana (dipublikasikan pada Selasa, 22 Maret 2022 14:32 WIB)
- Laporan
Kanggo nambani rasa kangen nong tanah kelairan, atusan wong Banyuwangi hang ana nong tanah boroan rame-rame mulih bareng nong Banyuwangi
Hing mung ngecul rasa kangen nong dulur-dulur lan beraya, wong-wong iku hang ngumpul nong Ikawangi nusantara nganakaken gawe macem-macem.
Salah sijine nganakaken mancat sepidhah hang basane lare saiki “Gowes” , hang mulai taun iki dilebokaken nong duwe gawene Pemkab Banyuwangi kondange Banyuwangi Festival (B fest) kelawan tajuk Ikawangi Cycling Nusantara (ICN), wis dilakoni dina Sabtu 19 Maret 2022. Dikawiti jam 06.00 Wib sampek mari.
Byek, panitia hing nyangka pesertane gowes emeh 700 uwong. Para diaspora iki ana hang teka Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Bekasi, Yogya, Malang, Jember lan Kalimantan Utara. Uga ana hang langsung teka Amerika Serikat dibelani mulih nong Banyuwangi.
Gowes iku mau dikawiti teka bandara Blimbingsari lan finish nong pendhapa Sabha Swagata Blambangan, kira-kira 20 km adohe.
Ucape pak Bambang Sugiyono Ketua Umum Ikawangi Pusat tepak nguweni pidhato sambutan, iyane dhemen bisa mulih nong tanah kelairan kecaruk ambi beraya lan kanca-kanca memengan magih cilik, uga bisa nguweni kesenengan nong warga Banyuwangi ambi ngeculaken rasa kangen.
Acara iki diepasaken ambi dina dadine Ikawangi Pusat hang kaping 50 taun.
Kala ulan Januari sore pengurus Ikawangi ngadhep Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk. Alhamdulillah diterima apik ambi Bupati wadon iku hang dikancani Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata MY Bramuda.
Jare wong saiki gayung bersambut, bupati ngiyani malah asil omong-omong rundhing iku aju dilebokaken nong agenda B-fest 2022. Kesuwune pak Bambang Ketua Umum Ikawangi Pusat lan tim nong bupati Banyuwangi ambi ngarep-arep muga Banyuwangi terus dadi tanah kelairan hang saya wangi.
Bupati mongkog atine ndeleng guyube wong diaspora Banyuwangi hang magih tetep enget lan wigati nong tanah kelairane. Bupati ngarep-arep muga wong Banyuwangi hang urip nong njaba Banyuwangi utawa negara liya bisa nyeritakaken apike lan majune Banyuwangi saiki.
Ikawangi uga nguweni santunan lare atim lan mbecikaken umahe warga Banyuwangi ring program Bedah Rumah.
Hing ketinggalan uga, wong Banyuwangi hang dadi artis nong Jakarta, mbok Fitri Karlina guyub nyempataken mulih ngramekaken acara.
Bengine magih disambung acara gendhingan merga mesisan ngeramekaken ulang taune Pedalatos (Pemancat Sepeda Lare Tanah Osing) nong Songgon.
Isuke, Minggu 20 Maret 2022 disambung ngadiri acara belanja kuliner nong pasar Wit-witan Alas Malang, aju methik uwoh jeruk nong Desa Yosomulyo Kecamatan Gambiran duwene ketua panitia ICN pak Sujiono.
Alhamdulillah, kabeh acara wis kelaksan lempeng hing ana alangan paran-paran, merga wong Banyuwangi hang ana nong Ikawangi Pusat lan dibantu hang ana nong Banyuwangi salah sijine diwakili Komunitas DAMAR’84 guyub mikul bareng mandegane suksese acara.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







