DKB Nggawe Buku Percakapan Basa Using
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Senin, 02 Mei 2022 08:43 WIB)
- Laporan
Ring ulan puwasa iki ana kabar kang nyenengaken kanggo masarakat kang kepingin bisa ngomong basa Using kang bener. Dewan Kesenian Blambangan (DKB) diejak Dinas Pendidikan Banyuwangi nggawe Buku Kamus Percakapan Bahasa Using. Kanggo ngenalaken lan ngelestarekaken Bahasa Using lebih adoh maning, sing mung nong sekolahan bain. Karepe, wong kang sing paham basa Using bisaa maca lan ngarti artine kelawan cara kang gampang.
Sabane dina Selasa, 26 April 2022 dianakaken kumpulan ring SMP Negeri 1 Glagah kang digagas Dinas Pendidikan. Kumpulan/lokakarya kala iku ngomongaken kang kurang-kurang teka Buku Kamus Percakapan Bahasa Using. Ring kumpulan iku DKB njelentrehaken proses penulisan, ejaan kang dienggo, tujuan lan isine buku iku.
Iwuhe iki ditekani wong-wong teka Dinas Pendidikan, Pengawas, Dewan Pendidikan, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah (MKKS), Praktisi Pendidikan, Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) lan Penelaah. Acara iku saya suwi saya rame merga ulih wigati teka para undangan. Kritik-saran diterima kanggo ngapikaken tulisane. Salah siji kritik-saran yaiku njaluk penulis buku kamus percakapan bahasa Using kudu wong-wong aseli Using kang basane aseli Using. Pak Hasan Basri minangka Ketua Tim Penulis ngenalaken anggotane siji-siji kang teka guru-guru SD lan SMP MGMP Bahasa Using. Nyatane kabeh Tim Penulis mula aseli wong Using.
Pengawas, Dewan Pendidikan, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah (MKKS), Praktisi Pendidikan
“Isun kaju nyang asil tulisane Tim Penulis Buku Kamus Percakapan Bahasa Using iki. Ngelebihi teka ekspektasinisun. Buku iki wis nguwot tulisan nganggo ejaan kang baku, cara maca kang bener, lan terjemahan Bahasa Indonesiane. Saran bain kanggo nggampangaken maca cara ngunekaken usingan kang bener, njaluk tulung ring bukune tambahana panduan cara maca kaya kang dijelasaken Pak Ketua mauka.” Gedigu sambutane Pak Alfian teka Dinas Pendidikan kabupaten Banyuwangi.
Potrek: Alfian teka Dinas Pendidikan kabupaten Banyuwangi ngumani sambutan
“Buku iki disusun nganggo cara tematik. Isine ana pirang-pirangane bab. Saben bab ana pirang-pirangane sub bab. Paribasan Rika kepingin weruh carane kenalan, Rika bisa mbukak bab salam & perkenalan, kadhung kepingin weruh carane ngomong bangete tuku sayuran ring pasar, Rika bisa mbukak bab pasar sub bab peracangan," gedigu jare Pak Hasan Basri minangka ketua tim penulis Buku Percakapan nambahi penjelasane.
Tim penulis lan penelaah Buku Kamus Percakapan Bahasa Using
Tim penulis Buku Kamus Percakapan Bahasa Using antarane yaiku:
- Hasan Basri, Ketua Tim lan edhitor ejaan
- Hj. Nanik Asiani, Tim edhitor ejaan
- Wiwik Widiarti, Tim edhitor pilihan kata
- Heni Kurniawati, Tim edhitor pilihan kata
- Yeti, Sekretaris
- Istiqlah
- Istipadah
- Juwono
- Syaiful
- Lamhatin
- Khomsatun
- Tatik
- Rudi
- Zizah
- Kumani
Sakteruse ana salah-lupute aksara sak jerone tulisan arep dibecikaken ring Tim Edhitor ejaan. Kritik saran teka para undangan dienggo nambahi kurangane isi buku. Makene buku Kamus Percakapan Bahasa Indonesia iku nyocogi nyang tujuwane ditulis lan paran kanggone.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







