E-Library MI Darun Najah Banyuwangi Emeh 1000 Buku

NURHARIRI (dipublikasikan pada Jumat, 02 Juni 2023 08:29 WIB)
- Laporan



Madrasah Ibtidaiyah Darun Najah II Tukangkayu Banyuwangi, manpaataken program digital ring pendhidhikan, supaya siswa saya gampang ulih layanan hang murah lan cepet.

Ngembangaken ilmu pengetahuan sing bisa pisah teka referensi utawa pituduh hang diwaca. Saya akeh referensi hang diwaca, saya akeh ulihe ilmu. Kahanan iki hang nguweni ilham MI Darun Najah II Banyuwangi  manpaataken dunia digital kelawan anane e-Library (perpustakaan digital).

Kepala MI Darun Najah II Banyuwangi Majidatul Himmah, S.Ag ring kantore nyampekaken setemene e-Library MI Darun Najah II nyedhiyani lebih teka 900 buku digital, teka buku materi pelajaran uga buku-buku umum.

“Saben siswa kadhung melebu ring e-Library nganggo password hang beda-beda,” jare putune KH Harun hang ngedegaken maderasah iki.

Majid nyampekaken setemene nalika jam sekolah, siswa lebih diarahaken ring pustaka analog, merga siswa sing ulih nggawa HP nong sekolah. Perpustakaan analog uga nyedhiyani buku-buku hang cukup.

Kanggo ngembangaken perpustakaane, MI Darun Najah II Banyuwangi megawe bareng ambi Perpustakaan Daerah Kabupaten Banyuwangi.

“Kene wis neken Perjanjian Kerja Sama ambi Perpustakaan Daerah kanggo ngembangaken Perpustakaan maderasah," jare anak wadone KH Makshum Syafi'i lan Nyai Hj. Makshumah iki.

Ngembangaken e-Library iki wis mula dadi programe Kepala Kantor Kementerian Agama Kabupaten Banyuwangi Dr. Moh. Amak Burhanudin ring digitalisasi layanan, hususe digitalisasi maderasah.

Majid ngarepaken anane e-Library iki bisa nggawe siswa sing sara maning nalika nggolet pituduh hang ana hubungane ambi materi pelajaran merga e-Library dipadhakaken ambi kebutuhane siswa.

Nalika Kru Humas Kantor Kemenag  lan wartawan media iki nyang maderasah hang umure kira-kira setengah abad iki, nyaruki santriwati hang tepak ibuk kegiyatan ekstrakuler teater lan puisi. Ana hang maca buku cerita ring ngarep kanca-kancane hang dibagi saben kelompok ambi nyekel buku kumpulan puisi Sulur Kembang Sri Tanjung enggo sinau tugas cipta puisi lan cerita rakyat.

"Kene kabeh kepingin meleciraken buku kumpulan karya siswa lan guru," jare pembina ekstra Eka Iftitah,S.Pd hang anak dhidhike sakliyane juwara diniyah lan sains olimpiade, saikine uga nggayuh perestasi  ring bidhang sastra puisi. Eka uga ngarepaken koleksi perpustakaane tambah hang ana mambu-mambu agama kanggo diwaca lalare, uga hang nguweni panggon kearifan lokal, kaya sejarah, seni budaya adat tradisi hang nganggo basa Indonesia, basa Jawa, basa Medura uga basa Using.

(Syaf/Aguk/JN /Lirix).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor