Emak-Emak Aisyiyah Banyuwangi Mbantu Korban Belabur
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Sabtu, 10 Desember 2022 06:00 WIB)
- Laporan
Lurung nong ndhuwur sasak Karangbaru Panderejo Kecamatan Banyuwangi magih ditutup. Pirang- pirangane kasur lan barang liyane padha dipepe nong kono. Mula sedina rong dina sakmarine belabur gedhe lurunge dipepet, kendharaan sing bisa liwat kerana husus dienggo mepe barang-barange warga kang magih kepus kerana belabure banyu Kali Lo. Toraneya wis pirang-pirangane taun banyu Kali Lo iku langganan belabur taping belabur sore iku gedhe temenan. Dhuwure banyu sampek ngeliwati plengsengan kang dibangun, kadine umah-umah ring sakubengane padha keterak malah ana kang dhuwure banyu sampek sak meter setengah lebih. Untung bain sing ana warga kang keli katut kegawa aruse.
Kerungu kabar belabur kang kaya gedigu, emak- emak Aisyiyah Banyuwangi gancang ngumpulaken bantuan arupa paket sembako kang isine ana beras, gula, lenga, mie lan endhog minangka milu prihatin kanggo ngurangi perihe ati nalika dadi korban.
Kawitan kang dibantu emak- emak Aisyiyah Banyuwangi iku korban kang ana ning Kampung Lukis Kempon Panderejo. Sakdurunge merono wis ngutus perwakilan supaya ndhata akehe kang dadi korban. Kadine serta mara lan mbantu merana wis sing kariya repot maning. Didhampingi Syafii (Lurah Panderejo), Ketua RT, anggota TNI, bantuan langsung bisa diterima ambi kang berhak. Emak-emak Aisyiyah sing ana kang sambat kesel masiya panas bedhug-bedhug melaku keliling nguwakaken bantuan.
Mari keliling Kempon, emak-emak nutugaken melaku nong Karangbaru kang magih melebu kelurahan Panderejo pisan. Wangune kahanan umah-umah ning kene sing beda ambi nong Kempon mau malah lebih sara maning. Ring kene ana pirangane umah kang kedelepe sampek sak meter setengah. Barang-barange akeh kang keli. Penganggone mung kari kang dienggo sedheng barang-barang liyane padha keli kegawa arus belabur. Mari keliling lan nguweni bantuwan, Pak Lurah lan perangkat ngucapaken kesuwun nyang emak-emak nalika pamitan. Kesuke emak-emak mangkat maning nguweni bantuwan nyang Kampung Ujung Kelurahan Kepatihan. Dhaerah iki mula parek ambi segara kadine ning kene uga keterak belabur pisan.
Sing mung arupa paketan sembako thok kang diuwekaken nyang korban belabur. Penganggo kang magih pantes uga dikumpulaken ambi emak- emak teka Aisyiyah Banyuwangi iki. Maninga kadhung penganggo iki sing mara-mara diuwekaken nyang para korban taping dipilihi kanggo sapa bain kang bener-bener mbutuhaken lan tepak ukurane makene sing mubadir.
Saktemene bengen banyu Kali Lo iku mula kerep belabur taping sing sampek nerak nyang umah-umah. Malah kadhung mari banyune teka (belabur), wong-wong sing gedhe sing cilik, padha nyebur keli-kelian ambi ciblungan merga watu kanggo tatakane umbah-umbah kesilep sing keneng dienggo. Lare-lare cilik padha ceburan nong kedhung kang banyune lebih jeru. Serta kesuke, biyasahe gedhene banyu wis normal maning. Warga kang biyasah adus lan umbah-umbah nong kali padha ngersaya njugeri lemah pinggire kali nggawe sumber kang wis ketutup. Banyu sumber iki sing ulih dinggo umbah-umbah tapi mung dinggo adus lan mbilasi penganggo kang mari diumbah. Engko kang nggawa korah-korahan sumbere ana dhewek, sing dicampur ambi sumbere kanggo adus. Mangkane masiya aduse padha ning kali, taping kulite padha rijig merga banyune kang dienggo adus kening kinclong- kinclong.
Muga- muga belabur kang nggawa korban kaya sore iku sing kedadeyan maning lan dipikiraken apuwa bisa gedigu lan kelendi cara ngatasine.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







