Festival Literasi Merdeka

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 17 Agustus 2023 08:24 WIB)
- Laporan



Acara Festival Literasi Merdeka kang digelar dina Sabtu, 12 Agustus 2023 ring Ruang Terbuka Hijau (RTH) Taman Makam Pahlawan (TMP) ngarepe kantor bupati Banyuwangi mari-mari meriyah. Kabeh pojokan sing ana kang sepi. Pojokan lor ana lare-lare SMA kang milu workshop ngenengi digital, pinggir kulon lare-lare SD padha belajar carane nggawe robot, pojokan kulon ngidul lare-lare padha lungguh ambi ngadhepi buku-buku. Kumpulan lare-lare iku padha maca buku kang mula disedhiyakaken dinas Perpustakaan. Bida maning kang ana ring ngarepe lawang mengidul. Murid-murid SMP kang milu lomba nggambar komik padha madhep nyang kertas gambare. Engkana kudu nggawe petang gambar kang urut  lan duwe karakter. Sedheng pinggir kidul madhep ngalor lare-lare SD milu lomba nggambar taping isine ngenengi sejarah kemerdhekaan.

Masiya dhayoh undangan ditekakaken jam wolu, lare-lare embuh iku kang nonton utawa kang lomba, jam pitu wis padha ngebeki RTHne TMP. Mula digawe gedigu makene kadhung kesuwen sing kepanasen. Panitiya pelaksana kegiyatan pestipal literasi, Suratno kepala Dinas Pendidikan Banyuwangi  nyampekaken, pestipal Literasi Merdeka iki buru  kang kawitan kerana iku njaluk nyang undangan utawa sapa bain kang hadir, saran kang bisa dienggo ningkataken kegiyatan pestipal literasi taun ngarep.

Sakdurunge sambutan, dhayoh kang hadir teka Cabang Dinas Pendidikan Jawa Timur di Banyuwangi, Kemenag, Lingkungan Hidup, lan Perpustakaan disambut tarian Sinau, kang dijugedaken  pelajar teka SMPN 3 Banyuwangi. Dene ring sambutane Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani nyampekaken, anane jaman teknologi lan inpormasi saiki supaya bisa milah lan milih inpormasi kang diterima. Dipahamaken nyang murid-murid uga nyang guru kadhung literasi iki sing mung waca tulis lan itung taping ana pisan literasi liyane kaya literasi sains, contone robotic. Ngenengi literasi budaya,  dikarepaken supaya bisa ngembangaken budaya lokal dhaerah, lan literasi kewargaan, diarep-arep supaya masarakat paham paran hak lan kewajibane minangka warga negara. Anane pestipal literasi iki bupati pesen nyang kepala Dinas Pendidikan minangka Panitia Pelaksana, engko kadhung kegiyatan literasi iki wis marek aja mung asile lomba diringkes, bubar gedigu thok sing ana paran-parane, sing ana terusane, taping asil lomba-lomba kaya komik, cerita gambar supaya dikurasi sekolah utawa ahline aju diterusaken lan dikembangaken nyang sekolah-sekolah.

Festival Literasi Merdeka ditepakaken ring ulan Agustus. Kanggo mengeti lan ngeramekaken kemerdhekaan kaping 78 taun iki, dipasaken ambi jamane. Kutipane bupati, sing ana kebebasan kang paling gedhe sakliyane maca. Taping wacanane kudu kang positip. Lan sing ana penjara kang lebih kejem timbang hing ana kemampuan maca.  Kerana iku kadhung jaman saiki magih sing bisa maca padha bain ambi kaya kodhok urip nong njero bathok, kaya dipenjara.

Acara pestipal literasi taun iki buru dipiloni telung kecamatan yaiku kecamatan Banyuwangi, Giri, lan Glagah. Penjaluke bupati ring taun ngarep bisaa dipiloni kabeh kecamatan sak kabupaten Banyuwangi. Panggonane uga sing mung ring kecamatan Banyuwangi taping bisa dipanggonaken ring kecamatan liyane. Ahire ring bungkase sambutan, bupati ngucapaken kesuwun nyang kabeh kang hadir. Iyane dhemen ndileng ubege murid-murid SD kang hadir ring kono. Mung pesene, dheket pecake panganane dilebokaken nyang wadhahe. Literasi Merdeka kang disebut bupati minangka literasi kebangsaan njumbulaken rasa dhemen lan mongkog nong perjuwangane para pahlawan. Ahire acara pembukaan literasi ditutup maca doa kang ditujokaken kanggo para pahlawan, lan sakdurunge ninggalaken panggonan, bupati keliling ndileng lan nyemangati lare-lare kang milu lomba lan workshop.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor