Festival Memengan Tradhisional, Ndhongkeli Memengan Jaman Bengen
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Senin, 24 Juli 2023 08:31 WIB)
- Laporan
Saben taun ring Banyuwangi ana Festival Memengan Tradisional. Taun iki dianakaken tanggal 22 Juli 2023 ring lapangan Belambangan mbarengi ambi Hari Anak Nasional. Tujuwan dianakaken yaiku ngenalaken maning memengan jaman bengen utawa memengan tradhisional nyang lare saiki. Polae memengan jaman bengen iku akeh manpaate. Seliyane nyenengaken uga bisa ngelatih lare mikir, ngetap reka (strategi), tangan bisa terampil, awak dadi seger-waras, bisa serawung ambi kanca, manut milu aturan, maning pekakase memengan iku nganggo barang-barang kang ana ring saubenge panggonan. Bisa teka godhong-godhongan, wit-witan, jajang, wowohan, gedebog, belarak, belangkokan, cangkok, lan liya-liyane. Weragad iku lamuna berek dadi romot kang gampang ajur. Temune sing gaduga ngerusak lingkungan.
Ring jerone kegiyatan ana lomba-lomba lan ana hadhiyahe. Ana lomba arak-arakan, lomba memengan lan lomba permainan. Lomba arak-arakan, saben peserta nggawa siji tema memengan. Aju nong ngarepe para undangan diperaktekaken carane memengan. Lomba memengane yaiku memengan egrang jajang. Lomba permainane yaiku lomba memengan patheng dudu, egrang bathok, galapan karung, lan dham-dhaman. Hadhiyahe lomba-lomba iki rada kaduk. Hadhiyahe lomba kirab: juwara 1 oleh hadhiyah picis gedhine 2 juta, juara 2 oleh 1,5 juta, lan juara 3 oleh 1 juta. Beda maning ambi lomba memengan lan permainan, hadhiyahe: juwara 1 oleh hadiah 1 juta, juwara 2 oleh 750.000, lan juwara 3 oleh 500.000.
“Memengan mula dadi hake lare. Kelawan memengan lare bisa ngerasakaken seneng. Urip seneng iku salah sijine Hak Asasi Manusia (HAM). Dadine lare belajar iku sing kari dipeleter. Sing dadi pinter, malah tambah mbelenger. Mulane dadi wong tuwek, paran maning dadi guru kudu pinter-pinter nggoletaken memengan kang cocog ambi umure lare, kang cocog ambi kebutuhane lare. Kanggo mbangun karakter kang apik”, gedigu jare Natalia Utami Ketua KKG Seni kecamatan Glagah kang dines ring SDN Olehsari.
Ring acara pembukaan Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Festiandani milu memengan terompah ambi lalare, dilomba musuh time ibu Kumalasari Direktur Pendidikan Anak Usia Dini Kemendikbudristek. Kang dimenangaken tim-e ibu Kumalasari. Pungkase acara, Prastono Santoso minangka koordinator lomba kirab ngumumaken juwara lomba kirab, antarane yaiku:
Juwara 1 : kecamatan Srono
Juwara 2 : kecamatan Banyuwangi
Juwara 3 : kecamatan Glagah
Ring Festival Memengan taun iki Korwilkersatdik Pendidikan kecamatan Glagah milu nguruni tampilan kang temane Bedhil-bedhilan Jajang. KKG Seni ambi KKG Olahraga ngersaya nyawisaken weragade. Dikawiti seleksi peserta, latihan-latihan, lan cawis uba rampene.
Nggawe bedhil-bedhilan jajang kang apik kudu dipilih jajang kang tuwek, gedhine sak deriji jempolan, lan kenceng. Mimise makene bisa melesat adoh, lan bedhil-bedhilan sing gelis kisut.
“Taun kepungkur Glagah ulih nomer siji. Taping taun iki magih melebu nominasi tiga besar. Kesuwun kanca-kanca guru KKGO lan KKGSeni, uga kabeh kang milu ngersaya sampek suksese acara iki”, Dwi Giliantoro nambahi minangka ketua KKGO kecamatan Glagah kang dines ring SDN 2 Tamansuruh lan ngumah ring desa Kenjo.
Dhayoh undangan teka Kemendikbudristek taker thingel-thingel ngetakaken wergake lalare peserta teka Glagah. Lagotane suwarane kemelentheng ngomong nganggo Basa Using deles. Bangete kirab, Aqila Salsabila murid kelas lima teka SDN 1 Rejosari maca basanan.
Welasah wadhahe gabah
Welasah bedhah gabah kotah
Aja dicamah, aja dibantah
Lare Glagah mula sagah
“Sing kaget Isun kadhung lalare Glagah deles ngomong basa Using lan lanyah basanan. Polae masarakate akeh kang asli suku Using. Sedinane ngomong nganggo basa Using ambi basanan. Malah desa Adat Kemiren magih melebu nong wilayah kecamatan Glagah. Maning sabane KKG Basa Using ulih juwara siji lomba Ndongeng Festival Literasi 2023. Kesuwun kanggo Pelaksana KKG Seni, KKG Olahraga, lan KKG Using ring kecamatan Glagah. Kepinginisun Glagah lebih maju maning. Mayo guru-gurune lebih giyat, kang mejinjat, megawe kesat, sing kathik sambat. Glagah gagah lan sagah”, jare Janoto minangka Kepala Korwilkersatdik bidang Pendidikan kecamatan Glagah nyumangati guru-guru.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : HENI KURNIAWATI
Editor: Hani Z. Noor






