Fitri Carlina lan Indopop Movement Nggoyang New York
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 September 2022 07:11 WIB)
- Laporan
Kelawan tema "Indonesia to the World" (Indonesia Kanggo Sak Donya), iwuh promosi budaya lan kahanan Indonesia Indopop Movement 2022 wis asil bisa nggawe horeg kutha New York.
"Taun iki saya rumang lan heboh merga Amerika wis hing ana aturan covid. Dadi penonton wong lokal kene lan diaspora Indonesia akeh seru hang teka," jare penyanyi Fitri Carlina hang uga salah siji wong hang ngedegaken Indopop bareng ambi Dina Fatimah (Eski) lan Romy Sembiring.
Iwuh hang digelar tanggal 9 September iki tujuwane kanggo nggawe promosi budaya Indonesia ring Amerika, ana hang liwat pagelaran musik, fashion, seni, tarian, showbiz lan kuliner. Jare Fitri makene budaya Indonesia saya anjrah ring Amerika.
Indopop Movement nampilaken artis hang wis kesuwur. Sakliyane Fitri, ana pisan D’Masiv, Vicky Shu, lan Cultur Dance by Kayla Syafa.
Dene tepak acara fashion show diisi ring disainer Seroja, Hijab Sabine, Jeny Tjahyawati X Buchheri, lan Paula et Pam by Eni Joe. Ngeramekaken acarane, ana MC Oliver Pras, modhel kesuwur ring New York hang magih mambu getih Indonesia.
Apuwa sih nang Times Square New York? Dikawiti iwuh taun sedurunge uga ringTimes Square, panggonan iki minangka pusere kutha New York, hang sing tau cumpleng. Perapatan hang wis dadi tetenger ring Manhattan iku uga dadi jujugan wong kelenceran ring Amerika merga kerep dadi langganan syuting pelem-pelem kesuwur Hollywood.
"Kelendi-kelendiya New York iku wis dadi pusere budaya lan hiburan sak donya. Kabeh wong teka endi bain ana ring New York. Dadine tepak seru kadhung Times Square hang prestisius iki dadi panggonan promosi Indonesia " jare Fitri hang taun sore mbukak Cafe Dangdut ring New York.
Akeh hang anyar ring iwuh Indopop Movement taun iki. Salah sijine nampilaken kabeh pengisi acara lan seponsor ring billboard Times Square. Iklan ring tipi raksasa Videotron iku wis kaya dadi pemungkase Indopop Movement 2022.
Papan iklan arupa tipi guedhi iku paling akeh didadekaken pilihan kanggo promosi sak donya. Larange regane masang iklan nong kono aja takon. Jare malah bisa ngewani pemasukan sampek 10 persen kanggo ekonomi New York.
"Cobak sapa wonge hang sing mongkog tepak rai, proyek, karya utawa bisnise metu ring biĺlboard Times Square," jare Fitri.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







