Forum Komunikasi lan Silaturahmi Ikawangi Milih Ketuane, Pak Anas

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 25 April 2023 08:11 WIB)
- Laporan



Musyawarah Nasional Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang kepisan  milih ketuane yaiku bupati Banyuwangi dhongkol hang uga Menteri PAN-RB Pak Abdullah Azwar Anas lan wakile menteri Pariwisata dhongkol Pak Arif Yahya.
   "Pertimbangane ketua lan wakile iku kudu nduwe skup nasional lan dunia dadi hang kepilih Pak Anas lan Pak Arif," jare Pak Choliqul Ridho hang mimpin sidhang dina Senin (24/4) ring umah Using hang ana ring mburine pendhapa. Kira-kira ana 30 ketua/perwakilan Ikawangi sak donya hang milu ring sidhang iku.
  "Dene sekretaris forume engko teka Banyuwangi," jare Pak Ridho hang uga Sekretaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata iki.
   Munase iku digelar sak mareke acara Diaspora hang saben taun dianakaken ambi Bupati kanggo wong-wong Banyuwangi hang ana ring tanah boroan ring Pendhapa Shaba Swagata Blambangan.
   Jare Pak Ridho, forume uga sepakat nggawe organisasi hang arane Forum Komunikasi dan Silaturahmi Ikawangi.
   "Maune ana hang usul mburine ditambahi Nusantara taping hing disetujoni merga ana wong Ikawangi teka negara manca," jare Pak Ridho.
   Tepak Munas sore iku Bupati Ipuk lan lakine magih umroh dadi hing bisa nekani acara Diaspora kaya biyasahe taping ngewani sambutan liwat zoom.
   "Dadi anane Forum iki hing nguwahi AD/ART Ikawangi hang ana ring saben-saben wilayah. Hang ana ya melaku kaya hang wis ana seperene," jare Pak Ridho hang tepak sidhang Munase mau dibantu Sekretaris Sidang yaiku Kang Suryanto hang uga Sekretaris Ikawangi Jakarta.
   Sak mareke iku arep dienggo njangkepi organisasine arep dipilih sekretaris lan bendahara, uga ketua-ketua bidhang liyane. "Arep disusul pelantikane engko nggolet wektu hang pas. Aju ana rapat-rapat liwat zoom kanggo penyusunan AD/ART, program kerjane lan liyane," jare Pak Ridho.
   Ikawangi minangka organisasine wong diaspora Banyuwangi wis nyebar nong endi-endi. Kecathet hang kawitan ngadeg yaiku ring Jakarta hang arane Pewangi Jaya (Perkumpulan Warga Banyuwangi Jakarta Raya) hang ngadeg taun 1972. Aju saya suwi saya akeh wong Banyuwangi hang megawe ring njaba lan padha ngedegaken Ikawangi sak Nusantara. Teka Sumatera sampek Papua. Malah ring mburi-buri iki ana kumpulan Ikawangi ring negara manca kayata Amerika, Hongkong, Jepang, Malaysia, Taiwan lan liya-liyane hang ring acara sore iku ana hang milu teka.
   Kira-kira rong taun kepungkur, Ikawangi sak donya iku tau kecaruk liwat zoom kanggo ngomongaken kelendi carane saya guyub kanggo bareng-bareng majoaken Banyuwangi. Merga wis katon gok Ikawangi ring endi bain bisa dadi humase Banyuwangi. Ring panggonan anyare, wong-wong Banyuwangi padha nggawa kesenian lan budaya Banyuwangi.
   Poin nomer telu hang disetujoni ring forum iku yaiku panggon Sekretariat Ikawangi. Penemune sidhang setemene milih Jakarta utawa Banyuwangi taping pungkasan hang disetujoni yaiku Banyuwangi.
   Ring wayah isuk sedurunge, ring kono dianakaken kecaruk warga Diaspora ambi Pemda.
   Ring daptar Diaspora ana 372 wong teka Ikawangi sak donya taping hang teka lebih 500 wong, jare Pak Ridho.
   "Wong-wong Banyuwangi iki ajeg njalin silaturahmi lan ring panggonan anyare kerep promosi Banyuwangi lan tetep njaga arume aran Banyuwangi."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor