Gandrung, Jaranan ring Festival Sagu Keerom Papua
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 01 September 2022 08:13 WIB)
- Laporan
Kesenian Banyuwangi Gandrung lan Jaranan diundang milu ngeramekaken Festival Sagu hang digelar sakat tanggal 1-3 September ring Keerom, Papua.
Kesenian Banyuwangi minangka salah siji seni budaya seliyane tampilan seni budaya teka Papua lan Bali, arep ditampilaken tanggal 4 September, gedigu jare Ketua Sanggar Seni Jaranan Sekar Tanjung Kang Joni.
Ring iwuh kono iku tanggal 1-3 September dianakaken Pelatihan Pembuatan Makanan Berbahan Sagu, kayata beras sagu, mie sagu, es krim sagu, boba sagu lan liya-liyane.
Dene tanggal 4 September ana pameran hasil pelatihan olahan sagu, pameran kerajinan tangan khas papua, lan UMKM. Uga ana pergelaran seni budaya tradhisional, teka telung komunitas budaya yaiku seni budaya Banyuwangi, Bali, Papua. Seni budaya Banyuwangi diwakili ring Sanggar Sekar Tanjung lan teka Bali ana Sanggar seni Saraswati. Telung komunitas budaya iku kabeh manggon ana ring kabupaten Keerom, Papua.
Iwuh iku kanggo ngelaksanakaken program Fasilitasi Bantuan Kebudayaan teka dirjen kebudayaan Kemendikbud.
Kang Joni hang asal dusun Ringinsari desa Pesanggaran Banyuwangi wis pindhah nyang Papua sakat taun 2005. Arane setemene Sariyono, diceluki Yon, taping wong kono nyeluke Jon. Suwi-suwi dadi Joni. Iyane dadi Ketua Sanggar Sekar Tanjung masiya ring kumpulane wong Banyuwangi Ikawangi dudu sapa-sapa mung dadi anggota biyasah. Saben dinane kang Joni iki dadi pegawe honorer ring Pemda Keerom.
Sanggar Sekar Tanjung dhewek ngadeg sakat taun 1990an. Anggotane saiki ana 80an wong lan hing kabeh wong Banyuwangi. Malah ana wong aseli Papua.
Biyasahe sanggar iku nampilaken tarian has Banyuwangi kayata Jaranan Buta, Gandrung, tari Jaran Goyang, Punjari lan jaranan Pegon Putri.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor






