Gandrung Nggadug Borneo

Vika Varia Matovana (dipublikasikan pada Selasa, 20 Juni 2023 06:46 WIB)
- Laporan



Ana tulisan “Gandrung Cilik” nang kelambine salah siji lare hang milu lomba kesenian nang Pangkalan Banteng, Kalimantan Tengah. Ya, bener. Gandrung Cilik. Gandrung hang kawentar dadi tarian tradhisional Banyuwangi, nyatane wis nyebar sampek teka Borneo. Mbok Wiwik salah sijine hang nggawa merene. Sakat tahun 1984 Mbok Wiwik menyang nang Kalimantan merga keterima mulang dadi guru nang Desa Marga Mulya, Kecamatan Pangkalan Banteng.

Mbok Wiwik duwe ilmu tari gandrung merga sinau nang Sekolah Pendidikan Guru (SPG) Pandan, Desa Kembiritan, Kecamatan Genteng, Banyuwangi. Tepak sinau nang SPG iku mau, Mbok Wiwit lan kanca seangkatane diweni ilmu dhasar tari Banyuwangi, yaiku tari Padhang Ulan. Buru-buru bain Mbok Wiwik lan kanca-kanca nang Desa Marga Mulya nambah ilmu tari merga sinau nang Youtube. Ulihe sinau iku mau ahire diwulangaken nang muride. Alasane, Mbok Wiwik kepingin ngenalaken budaya dhaerah Banyuwangi kanggo nambah wawasan lan merujukaken jiwa ngeregani budaya liya.

Sakat tahun iku, Mbok Wiwik mangkat golet bibit penari gandrung. Dilatih saben dina lan dikenalaken sekehe macem werangkat tarian gandrung. Mbok Wiwik ditulungi ambi guru liyane hang nyokong kegiyatan iki.

Lalare hang dilatih wis kerep munggah genjot ring macem-macem acara. Kayata acara sekolah sampek ditanggap nang acara pengantenan warga sak ubengan  Lebih teka rong puluh tampilan sak suwine ngelatih tari Gandrung. Lalare hang dibibit wis akeh kang semebar lan  milu mongkog nang kesenian tari Gandrung.

Wis telung puluh sanga taun Mbok Wiwik milu andil ngelestarikaken budaya tari Gandrung Banyuwangi nang tanah Borneo. Saiki Mbok Wiwik mulang lan ngenalaken Gandrung wis teka nang generasi ketelu. Putune hang arane Lili uga milu aktip ndhukung usahane Mbok Wiwik. Lili ambi papat kancane magih aktip seperene.

Hang dikarepaken Mbok Wiwik kanggo tari Gandrung lan tari tradhisional liyane yaiku tetep nguri-uri tarian dhaerah merga hang manggon nang Kalimantan uga akeh teka wilayah liya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Narasumber Mbok Wiwik

Editor: Hani Z. Noor