Gandrung Pagalawa ring Panggung Internasional Hong Kong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 14 November 2022 09:05 WIB)
- Laporan
Paguyuban Gandrung Laras Wangi (Pagalawa) bareng ambi Singo Wiromo, Saung Angklung lan Golpindo diundang pemerintah Hong Kong kanggo manggung ring iwuh hang diarani International Ethnic Culture Performance (Pagelaran Budaya Etnis Internasional).
Iwuh hang digelar tanggal 13 Nopember 2022 iku, pelaku seni Indonesia tampil ambi pelaku seni teka 21 negara liyane, jare Kiran Wijayanti asal Dusun Tugung, Desa Sempu, Kecamatan Sempu Banyuwangi. Iyane salah siji pimpinan ring Pagalawa.
Kontingen Indonesia tampil emeh enem jam gantenan ring panggung hang ana ring Pusat Kebudayaan Hong Kong, Tsim Sha Tsui.
Undangan teka Departemen Rekreasi lan Kebudayaan Hong Kong iku nampilaken kesenian teka wong-wong Indonesia hang megawe ring Hong Kong, antarane ana Reyog teka perkumpulan Reog Singo Wiromo, angklung teka Saung Angklung, Tari Sajojo teka Galpindo lan tari pungkasan tari Gandrung Jejer Kembang Menur teka Pagalawa. Ana 17 wong hang njuget gandrung, jare mbok Kiran hang wis 10 taun ring Hong Kong.
Pagalawa dhewek minangka perkumpulan, ngadeg tanggal 26 oktober 2021. Saiki anggotane ana 26 wong akeh-akehe teka Banyuwangi, naming ana hang teka Malang, Lampung lan kutha liyane.
Kegiyatan Pagalawa hing mung njuget taping uga kegiyatan sosial kayata ngelumpukaken dana kanggo Banyuwangi peduli. Uga nggabung ambi komunitas Madiun Peduli Sosial utawa disingkat KMPS. Pagalawa uga nggelar Yasinan lan donga bareng saben dina Minggu kawitan saben ulan.
Pagalawa uga wis tau nggabung ring ajang Gandrung Sewu Nusantara hang dianakaken Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi ulan Nopember taun 2021 kanggo mengeti dina dadine Banyuwangi kaping 250. Taun iki Pagalawa uga ngirim pideo minangka partisipasi lan sokongan kanggo nduduhaken welase nang Tanah Kelairan.
Sedurunge Pagalawa tau diundang kanggo njuget ring ngarepe warga Hong Kong tepak perayaan mengeti 25 taun mbalike Hong Kong nang negara China tanggal 4 September 2022 .
Pagalawa uga kerep nggawakaken Tari Kuntulan, Aji Jaran Goyang, Gandrung dor lan kesenian Banyuwangi liyane.
"Kene iki mongkog lan seru welase ambi Banyuwangi lan bisane kelawan nduduhaken lan nguri-uri sekaligus ngenalaken seni lan budaya Banyuwangi ring panggonan kene golet upa yaiku Hong Kong.
Pekara pageblug, Hong Kong saiki wis rada longgar, pokoke hing ulih ngumpul lebih 12 wong.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







