Gandrung ring Dina Dadine WR. Supratman
Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Kamis, 23 Maret 2023 07:13 WIB)
- Laporan
HIMAJUR (utawa Himpunan Mahasiswa Jurusan) Seni Karawitan STKW Surabaya nggandheng akeh pihak nggelar panggung seni kanggo mengeti Hari Musik Nasional 2023 dina Senin kepungkur.
Tema hang dipilih yaiku "Merajut Harmoni". Sak jalur ambi tema iku, ana penampilan maneka rupa. Hing mung ana musik belaka taping ana tari, teaterikal lan monolog.
Kegiyatan hang dilakoni teka dhasar rasa gotong-royong iki manggon ana ring panggung terbuka STKW Surabaya. Acarane diedum dadi rong sesi.
Sesi kawitan diangkati mulai jam 4 soren sampek ngarepaken magerib. Sedheng sesi hang kepindho mangkat jam setengah 7 bengi, bubar kira-kira jam setengah 10 bengi.
Benere, sesi hang pungkasan iku mangkate jam 18.15 WIB. Naming merga udan, dadine molor kira-kira 15 menitan.
Ana nawi jam setengah 7 lebih sithik acarane dikawiti maning. Kumpulan lalare Banyuwangi hang ngangsu kaweruh ring STKW Surabaya (teka Jurusan Seni Karawitan) dadi salah sijine penampil ring sesi kepindho iku. Sing kelalen, Gandrung Lusi (iyane kuliah ring UNESA) uga tampil nyumbang suwara emase.
Lalare Jurusan Seni Karawitan STKW lan Gandrung Lusi nampilaken rong lagu (Impen-Impenen, Nyulayani Janji) disambung nabuhi tari Gandrung Kreasi.
Bengi iku belegere gandrunge beda teka umume. Iku merga hang njuget golongane lalare lanang. Awake gedhe-gedhe, dhuwur, aju gelem megal-megol, tinjakan lan sagah kaya penari wadon.
Liyane iku, lalare Jurusan Seni Karawitan uga nampilaken Kuntulan utawa Hadrah. Mula wis, musik lan tari Banyuwangi dadi program unggulan nong Jurusan Seni Karawitan STKW Surabaya.
Milu ngeramekaken panggung Perayaan Hari Musik iki yaiku tampilan band akustik, monolog, uga karya-karya kontemporer tari, musik lan seni rupa.
Sakdawane acara iku, soren sampek bengi, hang nonton ampyak-ampyakan. Masiya wis keliwat pirang-pirangane dina teka peringatan umum (tanggal 9 Maret), acara dina iku tetep sukses narik simpatine wong wakeh, hususe para mahasiswa STKW lan kanca-kanca sak ubengane.
Kanggo rika kabeh hang durung weruh, tanggal 9 Maret iku tepak dina kelairane maestro musik lan pahlawan nasional W.R Supratman. Iyane uga hang nggawe lagu kebangsaan Indonesia Raya.
Kejaba lagu Indonesia Raya, iyane pisan hang nggawe lagu nasional kaya tah Ibu Kita Kartini, Di Timur Matahari, Matahari Terbit lan Pahlawan Merdeka.
Nora mungkir, pengabdiane WR. Supratman ring bab musik Indonesia mula sing keneng diomong wis. Serehne iku pemerintah kendel netepaken dina kelairane dadi Hari Musik Nasional saben taune.
Selamet Hari Musik Nasional lan selamet ulang taun kanggo pahlawan bangsa WR. Supratman. "Kelawan musik uripe awak dhewek dadi saya asik."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : berbagai sumber
Editor: Hani Z. Noor






