Gandrung Sewu, Latihane Bain Nggawe Kaju
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Oktober 2022 07:51 WIB)
- Laporan
Calon peserta Festival Gandrung Sewu 2022 wis mangkat latihan bareng dina Jemuah iki (6/10) ring Stadion Diponegoro Banyuwangi. Peserta hang teka 25 kecamatan iku diateraken koordinator lan perangkat kecamatane dhewek-dhewek. Uwong tuweke uga ngetutaken ambi nggawa kelasa lan panganan. Latihan gabungan iku uga dideleng ambi dhayoh teka Dinas Pariwisata Lampung Pesisir Barat hang nepaki nganakaken studi banding.
Kepala Dinas Pariwisata Kab. Pesisir Barat Provinsi Lampung, I Nyoman Setiawan ngomong kadhung Banyuwangi mula anjerah dadi jujugan studi tiru teka kabupaten/kota liyane sak Indonesia.
"Isun nyeja merene nggawa 3 pejabat kepala bidang, 2 kepala sub bagian lan 5 staf fungsional, sak perlu belajar kelendi carane ngolah kepariwisataan ring Banyuwangi kene iki, engko asile nak Sun enggo nata kepariwisataan ring Kab. Pesisir Barat Lampung kana. Isun uga ketepakan bisa duwe kesempatan melebu ring stadion Diponegoro iki kanggo bareng-bareng ndeleng proses latihan calon peserta Festival Gandrung Sewu 2022 hang durung paran-paran uwis nggarai wulu jithokisun kemesar. Iku magih durung dadi. Mandaneya mbesuk Isun duwe kesempatan ndeleng langsung pagelarane ring Boom Marina Banyuwangi. Wilih, sing bisa mbayangaken Isun," abane Nyoman, nganggo basa Indonesia, hang uga ngabaraken kadhung ring dhaerahe kana kecamatane ana 11 wilayah.
Kepala Bidang Kebudayaan Kang Dewa Alit Budisiswanto hang kala iku ambi Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri ngerewangi dhayoh adoh iku mbeneraken paran hang diomongaken I Nyoman Setiawan.
"Aja cacak dhayoh hang sing tau weruh gelarane Gandrung Sewu. Isun hang uwis weruh taun-taun kepungkur bain terus digawe penasaran Kang. Taun iki kira-kira nyuguhaken tema paran lan kelendi adhegane," ujare Kang Dewa.
Ketua DKB nguweni komentar kadhung lare-lare Banyuwangi nduweni semangate Sayu Wiwit. Masiya jare udan, magih nyerondhol teka ring setadhiyon.
"Acak Isun, bangur Sun tinggal turu. Alasan udan sing terang-terang. Tapi gedigu iku wis para jebeng. Bayangena. Hang umahe ring Pesanggaran, Kalibaru, Tegaldlimo, Wongsorejo gelem teka. Weh.... hebat lare-lare iku," gumun Kang Hasan hang sabendinane dadi Wakil Kepala SMPN 1 Banyuwangi iku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik
Editor: Antariksawan Jusuf






