Gandrung Sewu, Tamba Kangene Ati

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 31 Oktober 2022 07:09 WIB)
- Laporan



Para seniman, budayawan lan Pemerintah Kab. Banyuwangi ngupayakaken kelendi carane ikon gandrung terus ana lan lare enom-noman saya nggandrungi ring keseniane dhewek. Salah sijine yaiku nggagas lan tandur-tandur penemu kelendi carane nyuguhaken tarian gandrung hang sing kaya adate. Para Seniman hang kala iku dipandhegani (alm) drh. H. Budianto lan kanca-kanca Patihsenawangi (Paguyuban Pelatih Kesenian Banyuwangi) padha ceker-ceker ring endi anane lare hang bisa njuget gandrung. Ubed hang dilakoni  pirang-pirangane ulan iku ngasilaken karya bareng hang kaya mercon celorotan ring langit bengi yaiku: Gandrung Sewu.

Gelar kawitan Judhule “Jejer Gandrung” tanggal 17 November 2012 nampilaken 1.044 Penari  teka  tingkat  SD sampek SMA. Pagelaran Gandrung Sewu kawitan iku dadi gaco kanggo nganget-ngangeti  tari Jejer Gandrung  hang digarap ambi  Maestro Sumitro Hadi tahun 1974. Tari  Jejer Gandrung didadekaken  tarian kanggo mapag tekane dhayoh.

Taun seteruse nyuguhaken  “Paju  Gandrung”  digelar  23 Nopember 2013 nekakaken  2.106 Penari Jebeng lan Thulik. Tarian iku nggambaraken tari pergaulan lare enom-noman.  “Seblang Subuh”  digelar  30 Novemer  2014 kelawan ngajak   1.184 Penari. Nggambaraken njumbule Gandrung Lanang teka Karen-karene perajurit Jogopati hang  nerusaken ngelawan VOC nganggo cara gerilya ring kutha anyar, Banyuwagi. Judhul “Padha Nonton” digelar 26 November 2015 nampilaken 1.208 Penari. Nyuguhaken cerita ngelawane rakyat Belambangan hang dipimpin Pangeran Jogo Pati  ngadhepi  Pasukan VOC lan  kacung-kacunge  ring Tegal Perangan Songgon. Judul “Seblang Lukinto” digelar 17 November 2016 ngajak 1.218 Penari. Cerita hang disuguhaken yaiku pituduh kelendi carane  kari-karine  prajurit Pangeran Jogo Pati ngelawan anggota VOC.  Judul “Kembang Pepe”  dikeber  8 Oktober 2017 nggawa 1.212 penari, ngisahaken taktik  perajurit Belambangan  kanggo ngalahaken anggota VOC nganggo omben-ombenan hang mendemi. Kadhung aggota VOC uwis mabuk sing duwe tenaga, diseret  ning  alas lan ana uga hang diered ring pesisir aju dipateni. Cara iku ditata ambi Bupati Mas Alit kelawan nganggo cara sengidanan. Judhul “Layar Kumendhung” digelar 20 Oktober2018  kelawan jumlah 1.198 Penari. Nyeritakaken bocore rahasiya gok Mas Alit dadi  pendhukung gerilyawan. Judhul “Panji-panji Sunangkoro” digelar tahun 2019 ngusung 1.300 Penari, ngisahaken gugure Mas Alit kerana dirompak. Keruwedan  perompakan kapal nganggo bendera VOC hang ditumpangi rombongan Mas Alit iku kedadeyane ring Laut Jawa elore  Gresik.  Tahun 2020 wurung nggelar Gandrung Sewu merga ana  pageblug. Masiya tah uwis nyepakaken judhul lan narasine lan uwis dirembugaken yaiku  “Ndaru ring Telatah Belambangan”.  Taun 2021 dilaksanakaken Gandrung Sewu kelawan nganggo teknologi hang dadi pokok saranane. Emeh kabeh pendhukung acara   teka IKAWANGI sak Nusantara lan ana uga hang teka IKAWANGI jabane negara, ngirimaken hasil garapan video record  tari Gadrung, aju dikirim lan diedit ambi kanca-kanca Disbudpar  Banyuwangi. Teka usahane iku ngasilaken judhul: Merajut Harmoni
   Taun 2022 dilaksanakaken maning kelawan ngusung judul “Kemilau Bumi Belambangan”  terjemahan teka judul lokal “Sumunare Telatah Belambangan”. Gebyar Gandrung Sewu tahun iki ngusung  1.188 personil.
   'Kemilau Bumi Belambangan' nggawakaken cerita, nalika Belambangan dipimpin Raja Menak Sembuyu digulung pageblug. Soren keneng serang, bengine mati. Bengi kerasa lara isuke  kudu dikubur. Penguripan kala semono ruwed. Sampek-sampek, anak wadone raja hang aran Sekardadu uga keserang penyakit  aneh iku. Serta Syech Maulana Ishak teka mbantu cawe-cawe ngobati masarakat lan Dewi Sekardadu, katon asile. Pageblug sirna teka telatah Bumi Belambangan. Syech Maulana Ishak dinikahaken ambi Dewi Sekardadu.
   Gandrung Sewu taun iki kaya nambani ngelake wong-wong hang wis rong taun hing bisa ndeleng ewonan lare njuget gandrung ring pantai Boom.
   Iwuhe sore iku ditekani pisan ambi bupati dhongkol Abdullah Azwar Anas M. Si. hang saiki dadi menteri PAN-RB.

(Kang Ujik)

 

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor