Gediguds Dipameraken ring Infighters

Nur Holipah (dipublikasikan pada Jumat, 22 Juli 2022 09:36 WIB)
- Laporan



Dina Kemis sore (21/7) Apri Setiawan ambi kanca-kanca mahasiswa Desain Komunikasi Visual Universitas Negeri Malang (DKV UM) angkatan 2018, mari nganakaken pameran InfightersInfinity Creations From 8 Designers. Rong dina suwene pameran iki (20-21 Juli), manggon ring Kafe Tengah Kota (Kateko) Malang, Jalan Ijen Nirwana Residence sakat jam 1 bedhug sampek jam 10 bengi.

Pameran hang mula dianakaken kanggo njangkepi syarat sidang mata kuliah skripsi iku, dipiloni Berliani Nur I (Panyuu), Bunga Nawang W (Tie Dye Garment), Citra Wisan C. N (Coral), Octavia Ratna S. B ( Aira Food), Sukmaningrum (Kuriimu), Nurul Tazkia ( J-Pop Seafood Sate), M. Zidan Ramadhan (Bujang Tandur), lan Apri Setiawan (Gediguds).

Apri dhewek hang aseli Sobo, kelairan taun 1999, nganggo ucap Using Gedigu kanggo brand merchandhise. Mula kadhung sak kelibetan uwong maca mesti luput nyang /gedigu/, alihe iki unine dadi Gediguds.

Jare Apri, aran Gediguds setemene bain teka ucap Using gedigu (begitu), ambi ana ucap Inggris yaiku good (baik/bagus) lan goods (barang). Temune kadhung dijelentrehaken, produk/barang Gediguds apik secara penampilan, secara kemasan.

“Jadi kalau dimaknai, maksud Gediguds adalah sebuah produk/barang yang begitu bagus secara visual, dengan harapan produk ini mampu memberikan dampak baik untuk Banyuwangi.” Abane Apri, njelasaken nyang reportere belambangan.com

Gediguds duwene Apri iki temakaken kepilih dadi salah sijine nominator ring 33 tim Jagoan Bisnis Banyuwangi pertengahan ulan Juli sore hang manggon ring Jiwa Jawa Ijen lan Pendhapa Sabha Swagata Blambangan, Banyuwangi. Apri uga ngakoni dak brand-e iki setemene wis ana sak durunge pameran sore, taping mung skala cilik nyacak kanggo kanca-kanca pareke. Merga temakaken akeh kancane hang dhemen, sampek pungkase dipilih lan ditemenani  kanggo dipameraken.

Regane Gediguds iki uga magih ramah kantong. Ana cap-capan (sticker) lan gantungan sereg (gantilan), regane sakat Rp. 7.500 sampek Rp. 20.000. Kawitan diangkati, Apri nonjolaken budaya-budaya Banyuwangi hang mula sembarang kalir ana lan duwe. Nganggo Kemiren merga wis dadi Desa Wisata Adat, tetengere Banyuwangi. Kaya tah, cap-capan bab Tumpeng Sewu Kemiren, gantungan kunci jajanan desa kaya uceng-uceng lan liya-liyane.

Mengarepe, Gediguds kepingin gawe kaos ambi kain syal. Mungne merga durung dikomersilaken lan durung launching, ya durung duwe pasar. “Kemarin saat pameran, saya coba untuk tampilkan dan display juga. Cek ombak gitu lah mbak...” jare Apri.

Ring taun 2020, Apri tau tau milu lomba Komik Jalur Rempah Nusantara untuk Dunia hang dianakaken Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemdikbud) melebu 15 besar. Tau menang ring lomba Video Klip animasi KERLAP aliyas Kreasi Lagu Pelajar Pancasila tahun 2021. Ring taun 2019, tau ulih posisi 3, lomba Video Pancasila Gue banget hang dianakaken salah siji partai DPR RI. Apri lan kancane diundhang nyang DPR RI kanggo nampa hadhiyahe. Tau milu Videografi Indonesia Footware Creative Competition hang dianakaken Balai Pengembangan Industri Persepatuan Indonesia 2021, Apri lan kancane nggawe video kreatif sepatu UMKM lokal Banyuwangi yaiku Pleasure Shoes terus bisa ulih juara II lan favorit.

Ulihe kemeremet tangane Apri bisa didileng ring instagram @apriciation. Rika hang kepingin duwe Gediguds bisa tuku liwat Shopee: Gediguds.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Werta

Editor: Antariksawan Jusuf