Gelar Karya Paglak Kecaruk 2023
ALIF MAULANA (dipublikasikan pada Selasa, 28 Februari 2023 06:21 WIB)
- Laporan
Manggon ring RTH Karetan Purwoharjo arep ana Gelar Karya Paglak Kecaruk 2023 hang dipasilitasi ambi Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan liwat program Dana Indonesiana uga lpdp. Rencanane tontonan iki digelar tanggal 4 Maret 2023 emben tepak ring malem Minggu. Akehe 50 peserta hang wis kedaptar arep tampil dadi siji ring panggung, kayata grup Munsing Aliyan, Jiwa Etnik Belambangan Singojuruh, uga Damar Art teka Muncar.
Sedurunge proses kegiyatan iki, kabeh peserta diuweni pelatihan hang wis dilaksananaken sabene tanggal 21-22 Januari 2023 manggon ring Sanggar Tari Mlati Rinonce hang ditekani narasumber top teka lokal uga luar kota. Narasumber hang teka lokal kelebu aran-aran hang bisa disebut maestro ring tabuhan tradhisional kayata Sunardiyanto Mangir, Man Tohan teka Pasinan uga Cak Dorik teka Glagah. Para narasumber lokal mauka mbahas anane angklung sakat kawitan ring Banyuwangi uga bukti ngelestarekaken sampek ring proses perodhuksi nggawe angklung. Narasumber hang teka luar kota ana Joko Susilo teka Surabaya hang saiki dadi Dosen ring STKW Surabaya uga komposer hang bolak-balik duwe karya. Siji maning ana Bambang SP hang wis kesuwur dadi Komposer Jawa Timuran hang duwe pikiran kreatip ngolah musik Jawa Timur bisa enak dirungokaken.
Ulihe teka pelatihan iku saiki mangkat proses latihan tabuhane hang dienggo persiyapan ring tanggal 4 Maret kesuk. Telung grup ulih tugas nggarap rong puluh menitan kanggo njangkepi ulihe pagelaran makene bisa dadi sak jam lebih.
Maneka alat-alat hang digawa salah sijine yaiku angklung hang dadi tema ring pagelaran iki. Grup teka Rogojampi arane Munsing hang dikumendhani Pungki Hartono salah sijine komposer hang ditugasi nggarap gendhinge. Ciri has hang digawa ring grup iki yaiku nggawa gedhogan hang biyasah dienggo nutu pari hang digawe teka kayu. Sak liyane iku ana gong sepengadeg hang kempule digawe turu kerana nggawe papat larase bida-bida.
Pendhukung liyane ana kendhang, kethuk, patrol, jidhor, keluncing uga bahola. Grup nomer loro, Jiwa Etnik Belambangan pimpinane Adlin Mustika hang uga dadi komposer nggarap gendhinge. Alat-alat hang dienggo campuran antarane gamelan ambi tabuhan musik barat. Dawane garapan tabuhane semono uga, rong puluh menit pisan madhakaken ambi liyane.
Grup pungkasan, Damar Art hang dipimpin ambi Achzana Ilhami taun 2022 kepungkur bareng Adlin Mustika dadi Penata Musik ring Festival Gandrung Sewu 2022. Ilham sak kanca semono uga nggarap musik dawane rong puluh menit. Alat-alat hang digawa gamelan jangkep uga nganggo modhel kempul turu kerana larase bida-bida.
Rencanane ring pagelaran iki saben grup nggawa 15 (limalas) anggota jangkep, kadhung diitung kabeh dadi petang puluh lima personil, hang limang personil engko diisi ambi maestro angklung kaya Man Tohan uga Cak Dorik lan liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Observasi
Editor: Antariksawan Jusuf






