Gelar Songo ring Desa Glagah
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 01 Agustus 2023 07:40 WIB)
- Laporan
Ring dina Ahad tanggal 30 Juli 2023 sore masarakat desa Glagah padha metu ndileng arak-arakan utawa kirab kang tekane dipapag nong aula pasar desa Glagah. Kang mbidakaken ambi arak-arakan biyasahe, peserta kang makili dhusune dhewek-dhewek iku padha nggawa panganan. Ana kang nyuwun tumpeng, nggawa pan kang isine kuluban sega tempong, ana kang nggawa woh-wohan, rujak, lan panganan liyane. Ning kene salah siji panganan wajib kanggo kirab kudu ana tumpeng gedhe kang iwake pethetheng pitik utawa pecel pitik lan kerawu. Gadug panggonan kang wis ditetepaken yaiku aulane pasar Glagah, siji-siji peserta arak-arakan kang dikawal ambi barong iku langsung lungguh tempuh utawa silah adhep-adhepan nong ambal kang wis dicepakaken. Lanang wadon, gedhe cilik ambi nganggo kelambi adat, kabeh kang hadhir katon seneng masiya nalika kirab, digerujug udan deres.
Ritual Adat Gelar Songo ning desa Glagah iku dianakaken saben taun. Sakdurunge kirab, ubege dikawiti macaan Lontar Yusuf, kisuke dianakaken Sema’an, Selametan Rejopuro, Selametan Petilasan Buyut Gringsing, lan Selametan kampung. Sakteruse dianakaken lomba wangsalan lan basanan aju pentas seni. Pungkasan ditutup arak-arakan utawa kirab tumpeng Gelar Songo. Kerana Gelar Songo iku acara kang dianten-anteni mangkane masarakat kang ndileng arak-arakan tumplek blek nong lurung kang diliwati kirab.
Jare tokoh masarakat desa Glagah, Gelar Songo nduweni pilsapat apuwa arane ritual iku gelar songo. Saktemene gelar songo dianakaken saben tanggal sanga ulan Suro. Kadine acara wis dikawiti sakdurunge kirab tumpeng iku. Nurut iyane sanga kang dimaksud yaiku jabang bayi nong weteng umure sangang ulan, uwong kang nyebaraken agama Islam nong tanah Jawa kang diarani wali akehe sanga wali, arane kewan umume ana sanga kewan, tumpeng kang dikirab ana kang gedhe ana kang cilik. Ring tumpeng kang gedhe ana pethetheng pitik kampung, sedheng tumpeng kang cilik akehe sanga. Sakliyane iku ana gedhang cengkir lan gedhang goreng kang akehe sanga. Kiping, kerupuk kang dibakar akehe sanga, ana pakis lan jagung, uga kinangan akehe sanga. Sedheng pilosopine Gelar Songo iku antarane pethetheng pitik kampung kang ngolahe dibakar iku yaiku kudu mempeng, patheng, makene entheng awake ulihe megawe, lan sing lali ambi ndonga nyang Pengeran. Tumpeng cilik akehe sanga supaya kita bisa nutupi bab-bab kang ala melebu nyang bolongan kang ana ring awak kang akehe uga sanga. Mulai teka mata kang bolongane loro, kuping, cangkem, bacot, lan bolongan liyane. Nutupi bab ala lan ngisi bab kang apik ambi ndonga nyang Pengeran makene urip selamet nong donya lan selamet ahirate. Cengkir duwe maksud supaya candhak kencenge pikir lan megawe kang bener. Gedhang goreng, kenenga sampek nyang anak putu.
Wakil bupati Banyuwangi, H. Sugirah nyampekaken ring sambutane kadhung iyane mongkog ambi acara Gelar Songo ring desa Glagah iku. Ucapan kesuwun nyang para kepala desa sak kecamatan Glagah utamane kepala desa Glagah kang ndhukung acara iki, uga nyang warga masarakat desa Glagah kang padha nguri-nguri adate saingga bisa dikenal lan dadi jujugane para wisatawan. Pengarepane, muga-muga acara iki bisa mulihaken ekonomi masarakat minangka salah sijine program Banyuwangi Rebound lan berkah.
Acara Gelar Songo kang meriyah lan ditekani Forpimka Glagah, Dinas Budaya dan Pariwisata, lan tokoh-tokoh masarakat kecamatan Glagah iku dibukak ambi jugedan Sorote Lintang, lan dipungkasi ndonga nyang Pengeran, aju madhang sega tumpeng bareng-bareng kang ana ring ngarepe dhewek-dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







