Gesah Masarakat Adat Jawa Timur: Aja Sampek Kelangan Adat

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 Oktober 2022 07:46 WIB)
- Laporan



Pitung pegiyat adat Using nekani undangan Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Prov. Jatim sakperlu milu nengeri HUT hang kaping 77 ring Grahadi Kantor Gubernur Jatim tanggal 12 Oktober 2022. Taping tgl 11 Oktober 2022 kabeh hang diundang yaiku Masyarakat Adat Samin Bojonegoro, Adat Ponoragan-Ponorogo, Tengger Probolinggo, Ilu Bangkalan Medura lan Using Banyuwangi, kudu milu Gesah Budaya hang dimoderatori langsung ambi Kepala Disbudparprov. Jatim, Sinarko.

   Ning ater-atere, dhalang wayang kulit iku nyampekaken kadhung acara gesah iku mula dadakan. "Isun rapat malem Selasa ambi Ibu Gubernur Khofifah sampek jam 01.00. Perintahe, Isun kudu bisa nekakaken Rika-Rika kabeh iki. Alhamdulillah, mari subuhan Isun WA ning Kadisbudpar hang masarakat adate diundang.... ya iki bedane masarakat adat ambi uwong hang sing ngarti adat," abane ambi ngajak kabeh peserta supaya keplok bareng.

Wong pitu teka Banyuwangi iku kelebu Mbok Wiwin Indarti minangka aktivis AMAN (Aliansi Masyarakat Adat Nusantara), Bogi lan Ribut Hariyanto teka Komite Adat Dewan Kesenian Blambangan, Sarino tokoh adat Jopuro, Haidi Bing Slamet teka adat Kemiren, Sunardi tokoh adat Olehsari lan Kang Ujik ngewakili Disbudpar Banyuwangi.

   Mbok Wiwin ngusulaken, kanca-kanca masarakat adat sak Jawa Timur kadhung bisa nduwe jaringan khusus kanggo mbangun komunikasi lan anaa wadhah kanggo kumpul-kumpul ngomongaken masalah adat, tata kerama lan moral lare-lare saiki hang uwis keracunan teknologi. "Isun sing nyalahaken teknologine. Taping kelendi carane manpaataken teknologi iku kanggo pecik-pecik mental," abane Dosen UNIBA iku ambi kemeringet.

   Sawentara iku narasumber Suko Widodo nyampekaken kadhung lare enom-noman saiki iki kelangan budaya lan adate. Saingga masiya jare sarjana taping sing duwe adab. "Isun uwis tau keliling donya. Isun uwis akeh melajari adat lan budaya. Nyatane lare-lare saiki iki ilang jati dirine. Daya mung urip ring era milenial, uwis kepincut ambi urusan teknologi, pungkasane ninggalaken budaya hang adhiluhung tinggalane uwong tuweke," abane Kang Suko hang tau kuliyah ring negara Landa iku. 
   Masiya iyane dosen ring salah sijine perguruan tinggi ring Jawa Timur taping adab sopan-santun magih dikethem.

"Lare saiki iki uga akeh hang kelangan rasa lan rumangsa. Isun bengen kadhung apel malem Minggu, sekira jam sanga bengi apake sir-siranisun iku dhehem sepisan bain, sakkal Isun pamitan. Serta anakisun wadon ana hang ngapeli, jam sepuluh bengi sing mulih-mulih. Malah damar teras dipateni. Isun nyacak dhehem. Eh, sampek ping papat ulihisun dhehem, hang apel sing paham-paham. Malah takon ning anakisun: Apakira iku lara TBC tah? Uwis....Lare saiki!" jare Kang Suko Widodo ambi ngarep-arep supaya pemerintah provinsi gelem nggawekaken jaringan kanggo masarakat adat sak Jawa Timur lan supaya paran hang dadi sambatane masarakat adat  dirungokaken lan diwujudaken. 
   Sekda Jatim, Edhy Karyono negesaken, ring taun-taun mengarep, Pemprov didhukung supaya gelem mbangun lan nggarap masalah masarakat adat. Aja mung mbangun pisik. Merga masiya bagunan pisik ulih alem, nana gunane kadhung masarakate sing duwe adat lan sing duwe adab.

(Kang Ujik).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor