Gesah Ngadege ITS nong Banyuwangi

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 12 Januari 2023 06:21 WIB)
- Laporan



Gesah kang dianakaken dina Selasa, 10 Januari 2023 nong pelinggihan kantor Disbudpar Banyuwangi iku akeh dihadiri ambi guru-guru seni lan sebagiyan tokoh kang duwe sanggar tari lan musik kang ana ring Banyuwangi. Para hadirin iki teka merga diundang Dewan Kesenian Blambangan (DKB) kang nggesahaken kadhung Nahdatul Ulama (NU) arep ngedegaken lembaga pendidikan arane Institut Teknologi dan Seni (ITS) ring Banyuwangi. Narasumbere, pangsiunan dosen UNESA Surabaya yaiku Dr. Peni Puspito, M.Hum kang kejuluk Pak Pepeng nyampekaken narasine seru kaleme nduduhaken kadhung iyane wis mateng nyang materi kang digesahaken. Paran maning moderatore Bambang Lukito wakil ketua DKB, kadine klop wih.

DKB kudune mikir seterategis kelendi ngembangaken kabudayan, sing mung teknise thok. Nurut Pepeng kesenian Banyuwangi pirang-pirangane taun stagnan. Mula gerakan tarian Banyuwangi wis kesuwur taping kerana seni (pertunjukan) iku dudu barang mati kadine kudu dikembangaken terus, mung pesene Pepeng, ngembangakene aja ngawur, aja mung sukur comot kana comot kene. Pahami sulung oyote, konsep awale. Nyang DKB uga pesen, sing mung disbudpar thok, DKB supaya uga naungi para seniman Banyuwangi.

Nalika nggesahaken arep ngadege ITS nong Banyuwangi, Pepeng ndhukung seru. Merga paran? Perguruan Tinggi lebih ngembangaken penalaran lan kreatipitas, pemikirane obyektip lan ngeregani wong liya. Kemajuan kabudayan iku perlu disokong ambi SDM kang handal. Anane perguruan tinggi bisa merujukaken ekonomi lan prestise. Lan kang lebih penting maning kadhung ana perguruan tinggi, ana tulisan minangka asile karya analisis.

Ring acara pitakonan lan jawaban, para seniman kang hadir takone sing pokus nong arep ngadege perguruan tinggi taping nggeladrah nyang endi-endi. Conto takone, ana tah standhare lare kang dinyatakaken munggah kelas ring sanggar? Ana kang njaluk supaya seniman tari nyiptakena jugedan husus lare-lare cilik kang bisa dijugedaken lare lanang wadon. Saktemene wis ana tarian unclang kidang taping cocoge dijugedaken lare wadon thok. Semono uga tari jaranan buta, pantese mung dijugedaken lare lanang thok. Kang lucu maning, ana kang njaluk supaya sanggare dibantu pemikirane kerana iyane sedheng mbangun.  Masiya gedigu magih ana kang rada nyaut takone yaiku kuwatir nyang kahanan sanggare kadhung ana perguruan tinggi. Untung narasumbere wis sugih pengalaman, dadi masiya takone rada nyeleneh kabeh dijawab kelawan sabar.

Toraneya DKB duwe karep nong acara gesah iku, kadhung engko diedegaken perguruan tinggi kang tau diangen ambi ruwahe Sahuni seniman Banyuwangi iku, kelendi engko kurikulume, paran prodi utawa jurusane kang tepak kadhung ITS iku wis ngadeg. Taping sing paran-paran, mumpung ana Pak Pepeng kanca-kanca seniman makene lega bisa nyampekaken paran kang ngganjel ring atine. Ring sambutane diakoni ambi Hasan Basri ketua DKB saktemene ring Banyuwangi iki magih kekurangan penulis ngenengi buku tari. Mula ana tapi edhitore kang sing ana. Kepingine ana tulisan tari kang berbasis kearipan lokal. Hasan uga ngarepaken anane komunikasi antara sanggar siji lan sijine kerana teka kumpul-kumpul bisa munculaken ide-ide kang gemilang.

Sakdurunge ditutup, Punjulismu salah sijine dewan pengarah DKB, nyampekaken kadhung magih ana seniman Banyuwangi kang sing gelem dikeritik. Nurut iyane, ngedegaken sanggar tari iku kanggo ngelestarikaken, dadi kadhung pentas, ana kang nonton utawa sing ana, sing dadi paran. Buru sakteruse ngembangaken, aju pemanpaatan. Bisaa sanggar iku duwe AD/ART dhewek. Lan aja lali pelajari karakteristik lingkungane, imbuhe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf