Gesah Rembug Musik Banyuwangi Ethno Carnival
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 15 November 2022 05:56 WIB)
- Laporan
Banyuwangi Ethno Carnival (BEC) hang taun 2022 iki melebu taun hang kaping 10, ngajokaken tema: Taman Sari Nusantara. Talent hang milu ana 75 lare kebagi ning pitung sub tema etnis hang urip ana ring Banyuwangi.
"Taun iki kudu tampil beda. Beda start-e, beda panggonan, beda panggunge lan beda panggonan undangane. Musik pengiringe uga beda tinimbang tahun-taun kepungkur," abane Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) M.Y. Bramuda nalika rembug masalah komposisi musik BEC ring Pelinggihan Prabu Tawangalun Disbudpar Banyuwangi minggu sore. Bramuda nambahaken kadhung bisa milih gendhing hang wis kadhung akrab ambi kupinge uwong akeh.
Kang Yon DD hang sabendinane "bantalan" gitar nyampekaken kadhung Kang Nanang JM ulihe nggarap musik nganggo macem-macem perbandhingan lan perimbangan.
"Dulu-dulur iki kudu mahami kadhung musik BEC iku digawe kanggo ngiringi fashion. Dudu kanggo konser musik. Mulane kadhung neliti lan komen ya kudu mahami musik sulung. Aja sampek Kang Nanang JM bingung merga kekarepane uwong hang dudu musisi iku macem-macem," abane pengarang lagu lan uga penyanyi banyuwangen iku.
Ketua Dewan Kesenian Belambangan (DKB) Kang Hasan Basri nyampekaken kadhung musik BEC iku duwe ciri has dhewek.
"Aja sampek hang uwis dibangun iku dibongkar-bongkar kanggo ngelayani kekarepane uwong sak donya. Mula senthokan-senthokan instrumen tradhisional Banyuwangi kudu tetep diselipaken," abane guru SMPN 1 Banyuwangi iku hang kekarepane didhukung ambi peserta presentasi musik BEC tahun 2022.
Kang Nanang JM minangka penggarap musike nyampekaken kesuwun ning kabeh hang teka lan nguweni rembug hang bisa diterima ambi akal.
"Isun mahami paran hang disampekaken Kang Ujik mau dhung musik BEC iku dadi trade mark (tetenger). Bisa-bisaa uwong njaba negara gelem teka ring Banyuwangi iki gara-gara mari kerungu musik BEC. Merga BEC iku minangka cendhelane seni lan budhaya asli Banyuwangi," jare Kang Nanang JM.
Kumpul ring presentasi musik BEC iku yaiku wong-wong pengurus Dewan Kesenian Blambangan kayata H. Bambang Lukito, Hj. Nanik Asiyani, Rini, Eko Rastiko hang direwangi musisi tradhisi liyane kaya dene Pepeng lan Jamal. Acara presentasi iku dipimpin Sekretaris Dinas Choliqul Ridho direwangi Kang Nanang JM lan Hendro drum. Nanang JM iku arranger hang mula nangani musik BEC sakat taun 2015. Iyane nggarap musik lagu-lagune Catur Arum lan liya-liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







