Gombeng Dadi Panggonan Studi Banding Kopi Internasional
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 22 November 2022 07:37 WIB)
- Laporan
Wis sakat tanggal 17 November, petani kopi Lerek, Gombengsari kedhayohan ahli kopi peneliti internasional sak perlu nganakaken studi banding.
"Apike maning para ahli teka SEARCA lan mahasiswa padha nginep ring umah pendhudhuk," jare Kang Hariyono Ha'o, manajer Internal Control System (ICS) ring Kelompok Tani Lerek Gombeng.
SEARCA (Southeast Asian Regional Center for Graduate Study and Research in Agriculture) utawa Pusat Penelitian lan Riset ring Pertanian Asia Tenggara madeg ring Pilipina.
Ahli-ahli hang teka antarane Dr. Benoir Duong (Perancis), Dr. Turhadi (Indonesia), M. Abdullah (Indonesia), Qathrunnada Salsabila (Indonesia), Nur Amirah S (Malaysia), Aufa Ain Ahmad Syaffie (Malaysia), Sanjeev M.P. Ramarao (Malaysia) lan Rogelio Quiawan C. Jr teka Visayas State University (Filipina).
Studi Banding-e kelebu sistem agroforestri tanaman kopi Indonesia ring kebun Organic Kelompok Tani KOPI REJO (Kampong Kopi Lerek Gombengsari) Kalipuro, Banyuwangi, jare Kang Hariyono.
"Sun arepaken kene hing ndeleng wong-wong iki mung sakderma dhayoh taping minangka wong hang bisa oper pengalaman lan mbagi pengetahuan makene kene bisa nduwe skill hang mumpuni kanggo merujukaken kemampuan ring wisata edukasi kopi hang nduweni kualitas apik," jare Hariyono.
Tujuwan iwuhe SEARCA ring Banyuwangi iki mula salah sijine, hususe kanggo komunitas kopi ring Banyuwangi, ngembangaken potensi kebon kopi hing mung sukur ngasilaken kopi mentak (green bean) naming uga jasa ekosistem lan budaya masararakate hang bisa disurung kanggo ngunggahaken pengasilane.
Uga ndadekaken panggonan kebon kopi lan ahli-ahli kopi ring njerone minangka Kampus Lapangan, tujuwane makene wong bisa sinau carane ngasilaken picis lebih akeh lan produk wisata hang lebih apik.
"Muga-muga proyeke SEARCA iki bisa ngewani pengalaman lan manpaat," jare Hariyono.
Para peneliti dikancani uga ambi mahasiswa teka Universitas Brawijaya Malang lan mahasiswa teka Malaysia lan Thailand.
Kabeh arep nganakaken kegiyatan sampek tanggal 24 November.
Gombeng lan desa liyane ring kecamatan Kalipuro kayata Kalipuro, Kelir, Telemung, Bulupayung mula dadi salah siji wilayah hang ngasilaken kopi paling gedhe ring Banyuwangi.
Kebon kopi rakyat hang ana ring kono kira-kira werane 4.300 hektar, emeh padha ambi wilayahe perkebunan hang ana kayata perkebunan Selagiri, perkebunan Kaliklatak lan perkebunan Kalibendo. Kadhung diitung kabeh wilayah kopi ring Banyuwangi kira-kira ana 16.000 hektar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







