Gombeng Nandur 2022 Uwit Kanggo Mengeti Dina Dadine

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 Desember 2022 07:56 WIB)
- Laporan



Paran kegiyatane wong-wong petani kopi Gombeng tepak mengeti dina dadi desane hang kaping 22 tanggal 29 Desember 2022 iki?
   Sakliyane nandur 2022 uwit-witan, nggawe 222 bengahan kanggo nggoreng kopi, edukasi meres susu wedhus etawa, bazar UMKM lan ana tampilan kesenian lokal Gombengsari. Hang dadi puser acarane yaiku Dialog Publik kelawan tema Nyelametaken Lingkungan.
   Manggon ring Alas Suko hang uwit mahonine dhuwure sing kira-kira emeh kaya alas ring pelem-pelem Korea, dina dadi hang disingkat Harjago (Hari Jadi Gombeng) iki diskusi Nyelametaken Lingkungan iku nyuguhaken pirangane narasumber. Kayata KH. M. Misbahus Salam (Ketua Dewan Pembina Pusat Pengembangan Kampung SDGs Indonesia hang uga Pengurus LAZISNU PBNU), Sonny T Danaparamita (DPR RI Komisi VI) , Dr. Isfironi Fajri (Dosen UNIB Situbondo), Dr. Irfan (Dosen UIN Sunan Ampel Surabaya), lan Abdul Azis (Pokdarwis Banyuwangi).
   Ring sambutane, Sekretaris Kelompok Tani Gombengsari hang ditodhong makili panitiya yaiku kang Hariyono Ha'O ngomong gok potensi alam Gombengsari nduweni salah siji oksigen paling apik sak donya. Gombeng ya panggonane Kebon Kopi Organik 35 Hektar hang wis ulih sertipikat teka Uni Eropa lan Kanada. Bareng ambi Pokdarwis, Gombeng nggawe pertanian terpadu ambi peternakan wedhus dadi Agro Wisata. Merga kahanane hang kaya gedigu, Gombengsari wis dadi obyek penelitian teka pirangane perguruan tinggi teka njero lan negara manca. Sore iku ana teka Pilipina, Malaysia, lan Prancis. Gombeng uga dadi panggonan riset kanggo mahasiswa liyane.
   Sedurunge diskusi, hang kudu diwani jempol yaiku wong-wong desa iki milu njaga lingkungane kelawan nandur ewonan uwit mauka. "Ana wit suun, duren, mahoni, nangka lan liyane," jare Kang Hariyono. Uga ana atraksi meres susune wedhus etawa lan nyangrai kopi. Dene seremoniale nampilaken seni budaya Gombengsari.
   Katon pirangane pejabat Kabupaten Banyuwangi, ana Ketua DPRD, Kepala Dinas-Kepala Dinas, Camat lan mahasiswa ring perguruan tinggi hang ana ring Banyuwangi.
Gombengsari uga wis dadi panggonan kelenceran Kampung Kopi hang wis kesuwur hang kerep diampiri tokoh-tokoh nasional lan turis lokal lan negara manca.
Kahanan iku merga masarskat ngupayaken kelawan bareng-bareng ambi pemerintah nggendhong indhit majokaken potensi lingkungane kelawan njaga alame.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor