Grup Hadrah Ikawangi Korwil Tangerang Selatan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 Juni 2022 09:17 WIB)
- Laporan



Paran hang dadi tetengere paguyuban wong diaspora Banyuwangi sak anane ring donya iki? Keseniane! Nong endi bain saben ana kumpulan sasate mesthi ana uni tabuhan hang nduduhaken gok ring kono ana wong-wong diaspora Banyuwangi. Delengen tah dulur-dulur Ikawangi teka Sumatera, Sulawesi, sampek Papua padha nduwe grup kesenian dhewek-dhewek, teka gandrung sampek grup jaranan. Hing maido tepak dianakaken Gandrung Sewu Nusantara sabene hing kathik suwi ngelumpukaken gandrung teka lebih 25 wilayah sak nusantara.
   Iki hang dadi pikiran wong-wong Banyuwangi hang ana ring Tangerang Selatan. Minangka salah siji Koordinator Wilayah (Korwil) ring payunge Ikawangi Pusat, wong-wong hang duwe wigati ring kesenian Banyuwangi sepakat nggawe grup Hadrah Kuntulan. Ring ngingsore Ikawangi Pusat setemene ana grup kesenian kendhang kempulan lan gamelan campur sarian hang aran Laras Arum pimpinane pak Haji Sugiman hang uga Ketua Korwil Jakarta Timur.
   Kebeneran, tanggal 12 Juni 2022 engko arep ana iwuh Pengukuhan lan Pelantikan Pengurus Korwil Tangsel hang arep dianakaken ring resto Remaja Kuring BSD, kekarepane grup Hadrah iki bisa tampil nong acara iku pisan, jare kang Hari Laros hang uga pemain keyboard hang duwe penyewaan tendha lan sound system kanggo wong duwe gawe. 
   Kang Hari hang uga pimpinan ring Mutiara Timur Entertainment melaku gancang ngelumpukaken sumbangan teka wong-wong hang gelem milu ring grup kesenian iku. "Kadhung bisa aja njuwut kas organisasi makene kene ngadeg dhewek," jare wong asal Gumirih iki.
   Dadi sedurunge puwasaan sore wis ana limang terbang, pantus lan jidhore. "Taping aja disebut Kuntulan sulung, durung, iki durung wayahe," jare pelatihe kang Agus hang uga pedagang kerupuk ring pasar Parung hang umahe dadi panggonan latihan. Jare kang Agus, grup hadrah iki bisa munggah pangkat dadi grup Kuntulan kadhung wis ditambahi gong, kempul lan kendhang. Kang Agus hang teka Glenmore iki kelawan logat medurane ngomong gok iyane 20 taun kepungkur tau milu grup Kuntulan ring Banyuwangi sedurunge pindhah nong Parung, Jawa Barat taun 2002. Sithik-sithik tempalan terbang lan pantus wis nemokaken wujude.
   Latihane buru ping pira merga manggone padha adoh-adohan taping ana kekarepan kuwat ring iwuh gedhe engko grup Hadrah hang durung diwani aran iki bisa ditampilaken. "Naming dudu dadi tampilan utama," jare kang Hari.
   Ikawangi Tangsel iki ulan sorene maning nggelar Musyawarah Luar Biasa kanggo milih ketuane hang anyar merga ketua sedurunge pindhah domisili.
   Kepilih Ketuane mbok Titin Iriani lan wakile kang Sofyan Osing hang dadi ketua panitia iwuhe saiki. Ikawangi Korwil Tangsel iki wis nggarap pirangane kegiyatan sosial kayata mbecikaken umah, mbecikaken musala, sedekah Jemuah Berkah lan liya-liyane. Korwil Tangsel iki bengene ana ring ngingsore Ikawangi Tangerang Raya taping merga wilayahe wera lan akeh wong-wonge hang manggon ring Tangerang Selatan, kerenteg ngadegaken organisasi dhewek kewujud tanggal 12 Juli 2020. Saiki anggotane wis emeh 100 keluwarga.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor