Gugon Tuhon, Wong Using Nggolet Tamba (2 entek)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 November 2022 06:44 WIB)
- Laporan




Tulisan iki terusane gugon tuhon sore bab suwijine kepercayaan hang hing gathuk ambi nalar utawa akal taping seru digugu ambi masarakat kaya hang disebutaken ring kamuse ruwahe Pak Hasan Ali.
   Setemene gugon tuhon ngemu ajaran utawa wekas teka wong-wong tuwek bengen kanggo mbecikaken sipat hang hing bener. Ana pisan hang nyebut kearipan lokal.
   Pirangane tuladha wis disebut tambane wong rambiten, wong welangketen, wong hing bisa ngentut lan liya-liyane.
   Tuladhane, kanggone lalare hang arep sunat hing ulih akeh pelayonan makene sing pati akeh metu getihe. Kadhung wis marek sunat, mung ulih mangan sega ambi parutan kelapa hang diuwur-uwuri uyah.
   Ring urip sedina-dinane, jare wong Banyuwangi asal Alasmalang hang wis manggon ring Jakarta Pak Sumono Abdul Hamid, kadhung keluwargane tepak olah pitik, lare cilik hing ulih mangan berutune makene sing laliyan. Uga hing ulih mangan endhase pitik makene sing ngamukan.
   Ana maning ring perkara larangan mangan teka wong asal kutha Banyuwangi ring Jakarta Pak Abdul Hamid: lare wadon hing ulih mangan iwak cokol, makene raine hing cemeng mbelenges.
   Gugon tuhon liyane diceritakaken ring Jamil Segara, artis sinetron asal Licin. Kadhung sundepen, digoletaken sundhuke sate ambi kulite endhog diobong aju digejah, diusapaken ring hang lara.
   Kadhung gombongen, pipi sampek emeh gulu abuh, diusapi nganggo Blau. Blau iki bengen akeh diedol dienggo ngeliri kain putih makene sing kariya putih seru, dadi semu biru enom.
   Kadhung lara weteng dijuwutaken godhonge wedusan utawa godhong kelor aju diwejek ambi lenga gas hang teka damar telempik mariku diusapaken nang weteng.
   Kadhung anyang-anyangen lare cilik bengen dikongkong naleni jempol sikile ambi karet.
   Tapi kadhung kudu ngempet kebelet ngising, sarunge utawa kelambi hang dienggo digoletaken watu cemeng ditaleni karet.
    Kapan pancingen, gorokan lara dienggo ngeleg, tambane kemiti diekum ring gelas aju isi banyune diombe.
    Kadhung timbilen ring mata obate dikongkon nyolong sega kukusane tanggane aju pucuke kukusane mau tutulaken ring timbile.
   Kadhung lara pundhak biyasahe merga salah bantal utawa salah turu, dikongkon mikul pelanca.
   Taping yaiku mau, merga akeh hang hing bisa dijelasaken, naming merga wis majune pikiran wong saiki kearipan lokal mau wis akeh hang ditinggal. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor