Hasiyat Gedhang Junjung Derajat lan Gedhang Sangkal

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 04 Januari 2024 06:21 WIB)
- Laporan



Sakat bibite digawa ambi wong Landa teka Buitenzorg alias Bogor taun 1920, gedhang wis hing keneng dipisah teka uripe wong Banyuwangi. Malah sedurunge kesuwur dadi kutha gandrung, Banyuwangi kawentar dadi "kota pisang" utawa kutha gedhang.
   Masiya ahire kingslep, merga eķspore mandheg sakat Jepang melebu Indonesia lan paran maning tau diserang hama, gedhang kaya hing gelem ilang teka bumi Belambangan. Gedhang liyane magih ana taping hing kaya gedhang Saba. Kayata gedhang Berlin, gedhang Kayu, gedhang Srinyonya, gedhang Selakat, gedhang Lempineng, gedhang Raja, gedhang Welut, gedhang Tajinan lan liyane.
   Sak liyane gedhang arane kasebut ring ndhuwur, ana rong macem gedhang hang ditandur kanggo dijuwut manpaat liyane yaiku gedhang Junjung Derajat (ana hang ngarani gedhang Sangga Langit) lan gedhang Sangkal.
   Karo-karone mula nganeh-anehi wujude. Gedhang Junjung Derajat iku werna uwohe abang, ontonge lan curunge iku ngadhep mendhuwur kabeh. Kadhung biyasahe sak curung gedhang iku lirangane paling dhuwur disebut tadhah udan, lan pondhete (lirangan paling ngingsor hang gedhange cilik-cilik) ana ring ngingsor, ring gedhang iki kuwalik. Tadhah udane ring ngingsor, pondhete ring ndhuwur.
   Dene gedhang sangkal, sak curung mung ana siji uwohe.
  Jare Kang Usik, Ketua KOPAT (Komunitas Osing Pelestari Adat dan Tradisi), gedhang Junjung Derajat biyasahe dienggo pethetan lan kudune ditandur ana ring ngarep umah. "Kanggone leluhur Using kang mesthi ditandur ring ngarepe umah iku Jeruk Bali, Kopi Jawa/gelondong, Kates gantung jejer ambi kelor kang dirambati suruh temu ros, Kelampes biru/cemeng. Dene ring mburine utawa ring sampinge umah mesthi ana tandurane Jeruk limo/Sambel. Ring ngisore ana tandurane Ganda rosa lan uwite Godhong Urip."
   Kang Usik dhewek ring ngarep umahe sak liyane ana gedhang junjung derajat, ana pisan Gandarosa, Pare Gunung, lan Terong Ngor.
   Gedhang Junjung Derajat/Sangga Langit dipercaya gok hang nandur uripe bisa kecukupan sandang pangane. Nawi nduwe usaha utawa pangkat supaya langgeng derajate utawa pangkate, jare Kang Usik.
   "Nawi ana dulur tangga, kanca kang sengit atine nawi ngganggu supaya apes dhewek lan gelis bisa kaweruhan utawa ketemon."
   Dene Gedhang Sangkal, hasiyate dienggo wong hang njaluk pulung utawa nggolet ndaru. "Magih cilikanisun ring para sesepuh Using Dukuh Talunjeruk Desa Glagah kanggo njaluk Pulung. Saben arepe pilihan Lurah."
   Carane dienggo selametan waktune jam siji bengi kudu tepak/tepat dina kelairane kang nyalon Lurah/petinggi. "Serta mari selametan, gedhang sangkale isine dipangan kulite dibuwang. Kang separo dibuwang ring perapatane dalan. Kang separo dibungkus ambi kelambine kang wis tau dienggo calone Lurah dibuwang ring segara utawane ring banyu kang gedhe lan kang santer iline banyune."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf