HBH Ikawangi Tangerang Raya Ketekan Dhayoh Teka Argentina

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 17 Mei 2022 07:21 WIB)
- Laporan



Kerenteg kepingine kecaruk silaturahim nang dulur-dulur hing keneng dipenggak ring wong-wong Ikawangi Korwil Tangerang Raya masiya pagebluge durung kabeh uncal.
   Mula wis telung lebaran iki Ikawangi Pusat hang mayungi Ikawangi Tangerang Raya durung nganakaken halalbihalal hang biyasahe dianakaken ring Anjungan Jawa Timur Taman Mini. Taun iki ya durung pisan mergane ana Surat Edaran pemerintah hang magih ngelarang open house lan acara-acara hang ngelumpukaken wong akeh. Mergane pagebluge durung kabeh uncal, "Wedine hang teka ewonan lan malah dadi masalah," gedigu jare Ketua Umum Ikawangi Pusat kang Dr. Bambang Sugiyono SE, MSi tepak pidhato ring HBH Korwil Tangerang Raya hang dianakaken ring Cafe Rumah Joglo Ardes Tigaraksa. Ikawangi Tangerang Raya iki wilayahe kelebu Kota Tangerang lan Kabupaten Tangerang. Bengen melebu pisan Tangerang Selatan naming saiki Tangerang Selatan ngadeg dadi Korwil dhewek.
"Muga-muga taun ngarep bisa dianakaken malah bisa ngundang Ikawangi teka panggonan liya, Diaspora Banyuwangi," tambah kang Bambang, wong asal Genteng hang tau madeg dadi Walikota Jakarta Utara iki.
   Masiya kelawan persiyapan hang mung itungan dina jare ketua panitiane, kang Ngafif, iwuh HBH iku saya rumang merga ditekani wakil-wakil teka kabeh Korwil kayata Jakarta Pusat, Jakarta Timur, Bekasi, Bogor, Tangerang Selatan, lan hang paling adoh Kapursuci (Karawang, Purwakarta, Subang, Cikampek).
   Hang nomer loro kang Bambang ngelungaken ucap terimane hang gedhi nyang panitia Ikawangi Cycling Nusantara (ICN), utamane nang ketuane yaiku kang Sujiono SE, MM hang uga Penasihat Ikawangi Tangerang Raya lan wakil ketua panitia kang Sudibyo.
  Iwuh ICN tanggal 19 Maret ring Banyuwangi iku "hang kawitan kanggone Ikawangi mudhun gunung, nggawe acara ring Banyuwangi," jare kang Bambang.
   ICN wis dilebokaken salah siji teka 99 acara Banyuwangi Festival taun 2022 lan disiaraken sak donya.
   "Muga-muga ICN minangka pidekan kawitan kanggo acara-acara liyane hang saya apik lan maju...Saben dikegiyatan disangga bareng kaya mottone Ikawangi 'gendhong indhit megiyet bareng'," jare kang Bambang.
   Iwuh HBH iku saya rame merga ketekan pelatih tembung teka Argentina hang manggon ring Tangerang yaiku Esteban Horacio Busto hang bengen tau main ring Persikota Tangerang, Persema Malang lan Persis Solo.
   Esteban saiki ngelatih ring sekolah tembung kanggo lalare sampek umur 20 ring pirangane sekolahan. Esteban hang wis 20 taun manggon ring Indonesia lan pinter basa Indonesia iki ngejak nawi ana anake wong Ikawangi hang kepingin dadi pemain tembung bisa melebu ring sekolahane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf