Hongkong Mangkat Dibukak, Buruh Migran Njuged Maning

Tirto Arum (dipublikasikan pada Rabu, 25 Mei 2022 07:11 WIB)
- Laporan



Virus Omicron mula durung uncal sekabehane masiya hing kariya nemen kaya rong ulan telung ulan kepungkur. Ring Hongkong magih ana sisa-sisane durung rijig seru. Pasiyen magih ana hang keneng lan dinyatakaken positip naming wis suda seru. Kegiyatan ekonomi wis melaku maning sithik-sithik lan para buruh wis mangkat megiyet ngayah. Naming ana pisan buruh migran hang katon kelenceran lan ketemon ring pemerintah lan keneng denda 5000 Hongkong dolar utawa kira-kira padha ambi 10 juta rupiah.
   Dadi kegiyatan buruh migran utamane nggelar atraksi kesenian ya durung bisa balik kaya biyasahe, soben-soben akeh hang hing bisa ditekani merga Hongkong tanggal 21 April sore buru dibukak teka sereg merga virus utawa lockdown. Lapangan Victoria Hongkong hang sedurunge mesthi rumang kanggo wong-wong hang pereian, akeh tendha-tendha hang diedegaken para buruh migran kanggo kelenceran marek megawe seminggu jampleng, durung patiya katon akeh. Mung sithik buruh migran hang megiyet ring kono umpamane kanggo latihan bela diri lan kesenian. Taping yaiku mau magih sithik hing kaya biyasahe sedurunge ana pageblug.

Kayadene Lapangan Victoria hang sithik-sithik wis mbalik normal, penulis nggelar latihan dhewek sak uwise aron teka serangan omicron kapanane. Tau pisan penulis dikongkon dadi narasumber bab kasus omicron lan reaksine kanggo penulis. Ngawiti dibukake maning Hongkong, penulis lan paguyubane yaiku Sri Tanjung Banyuwangi, wis dijaluk ngisi pirangane iwuh hang digelar taping hing bisa kabeh dilakoni, naming sukur cukup dienggo ngobati rasa kangen. 
   Sorene maning tanggal 24 April penulis ya diundang kanggo ngisi tari gandrung dhewek nang acara mengeti dina dadine kanca teka Philipina hang manggon ring Tsim Tsa Tsui. Penulis nggawakaken tari jejer Gandrung kreasi kelawan tema Putih kaya hang wis dijaluk ring tuan rumah. Dadi penganggone sarwa putih, sampur lan tapih Gajah Uling werna putih. 
   Hawa hang seru panase ring pinggir segara petang puluh derajat taping sing ngurangi iwuh kanggo ngawiti Musim Panas taun iki. Merga durung satus persen mbalik normal, kegiyatan paran-paran durung bisa dianakaken ring njero ruangan. Muga-muga gancang balik normal merga hing mung buruh migran, kabeh uwong wis hing serantan nganteni kahanan balik kaya biyasahe, bisa megiyet hing nganggo topong (masker) lan kanggonisun bisa njuged maning.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, kegiyatan buruh migran

Editor: Antariksawan Jusuf