Ibu Negara Milu Memengan Kuartet Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Juli 2023 07:02 WIB)
- Laporan



Ibu Negara Irina Joko Widodo milu memengan Kuartet Banyuwangi hang diterbitaken ring Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ring acara “Bermain Bersama Ibu Iriana Joko Widodo dan Ibu Wury Ma’ruf Amin beserta OASE KIM” dina Selasa (25/7) noring Pendhapa Sabha Swagata.
   Kuartet Banyuwangi dadi salah siji memengan tradhisional Banyuwangi hang diduduhaken nyang Ibu Irina lan kumpulane ibu-ibu Menteri. Ibu Negara lan kumpulane ibu-ibu menteri hang arane OASE KIM, saben ulan duwe kegiyatan keliling negara. Kanggo ulan Juli iki manggon ana ring Banyuwangi.
   Ana pirangane memengan hang diusulaken nang Kemendikbud sedurunge, taping ana hang sing dienggo merga dianggep iku dudu memengan has Banyuwangi, jare Mustofa Sam, Ketua Bidang Permainan Rakyat, Komite Permainan Rakyat dan Olahraga Tradisional Inadonesia (KPOTI) Pusat hang uga founder lan CEO Kampoeng Dolanan ring Surabaya. KPOTI iki wadhah negara kaya komite liyane KPI, KPU, KPAA, KPK. 
   Iwuhe sore iku dipiloni 31 lare PAUD/TK lan 99 lare SD. Ring kono digelar memengan lalare Banyuwangi kayata Bermain Ular Naga (Paud/TK), Patheng Dudu, Bekel, Babalonan Sarung, Engklek, Mewarnai Layangan, Egrang Batok lan Kuartet.
   Saben memengan ring kono ana pendhamping hang nerangaken kelendi carane main, bahane teka paran bain, pilosopine kelendi, jare Cak Mus.
   Kuartet hang diterbitaken ring Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB)  setemene ya dudu permainan has lare Blambangan. Naming isine kuartete iku kabeh bab Banyuwangi. Ana wolung seri nang kono, yaiku: Kesenian (Angklung, Gandrung, Janger, Kundaran), Kota Kerajaan (Bayu, Kutha Lateng, Macan Putih, Ulu Pangpang), Makanan (Rujak Cemplung, Rujak Soto, Sega Cawuk, Sega Tempong), Binatang (Banteng, Kijang, Penyu, Tamban), Gedung Bersejarah (Gudan Boom, Gedung Pengadilan, Inggrisan,  Pabrik Gula Sukowidi), Upacara Adat (Barong Uder Bumi, Kebo-Keboan, Petik Laut, Seblang), Sayuran (Belencong, Bobohan, Kelenthang, Kelor), Tujuan Wisata (Boom, Desa Adat Kemiren, Gunung Ijen, Pulau Merah).
   Dikarepaken, kelawan memengan Kuartet Banyuwangi, lalare bisa sinau maca lan uga ngenali sugihe Banyuwangi teka alame sampek nong kesenian lan adate.
   Tepak acara Revitalisasi Basa Using hang digelar Balai Bahasa Jawa Timur kanggo guru-guru master tanggal 10-14 Juli, kuartet iki ya dadi salah siji materi bahasan. Kelawan semangat Merdeka Belajar, kuartete dianggep cocog aweh pengetahuan nyang lare ambi memengan.
   Acara ring Pendhapa iki setemene ana gandhengane ambi Festival Memengan hang digelar tanggal 22 Juli sedurunge, hang dipiloni 275 lare.
   KPOTI Pusat megawe bareng Kampoeng Batara minangka dadi wasit juri ring acara tanggal 22 lan pasilitator ring tanggal 25 sore. Kampoeng Batara hang ana ring Papring Kalipuro,  dipandhegani Widie Nurmahmudi.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf