Ikawangi Aja Kelebon Politik lan SARA
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Juni 2022 07:49 WIB)
- Laporan
Ketua Umum Ikawangi Pusat Dr. Bambang Sugiyono, SE, M.Si sepisan maning menging ana unsur politik melebu ring organisasi paguyuban wong Banyuwangi hang ana ring tanah boroan.
"Aja sampek ana unsur politik melebu ring Ikawangi," jare kang Bambang hang wis ping telu madeg dadi ketua umum Ikawangi Pusat ring iwuh Pelantikan/Pengukuhan Pengurus Ikawangi Korwil Tangerang Selatan dina Minggu 12 Juni sore.
Paran maning ngomongaken masalah suku lan agama. "Kabeh etnis iku ana ring Banyuwangi. Ana Arab, Jawa, Medura , Mandar, Cina lan liyane, dadi sapa bain bisa milu guyub ring Ikawangi. Iki dudu organisasi agama taping organisasi sosial. Muga-muga hang gedigi iki dipahami ring kabeh pengurus lan koordinator wilayah (korwil)," jare kang Bambang ring resto Remaja Kuring Serpong.
Kang Bambang ngengetaken maning merga Ikawangi Pusat ring ulan September engko ngadhepi iwuh gedhe limang taunan kanggo milih ketua umume hang anyar. Kang Bambang hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki wis mastekaken gok iyane hing gelem maning dadi ketua umum. "Naming tetep milu nyurung teka mburi" organisasi hang wis emeh umur 50 taun iki ring ulan September engko.
Ikawangi ring Jakarta iki wis ana sakat 1972, diedegaken antarane ambi Pak Sutarjianto lan pak Noer Hafandi kelawan aran Pewangi Jaya. Tanggal 16 September 1972 ditetepaken ngadege, naming tau rada kingslep. Sampek taun 1991, tepak ruwahe pak Abdul Kahfi dadi walikota Jakarta Pusat organisasine iki diuripaken maning kelawan aran anyar Ikawangi seperene.
Dene Ikawangi Korwil Tangerang Selatan buru bain ngadeg tanggal 12 Juli 2020, merga sedurunge wargane milu ring kumpulan Ikawangi Tangerang Raya hang mayungi wong-wong Banyuwangi hang ana ring Kabupaten Tangerang, Kutha Tangerang lan Tangerang Selatan. Naming sore iku milih ketua anyar merga ketua lan sekaligus salah siji pendirine yaiku Kang Dodot pindhah domisili ring luar Jawa.
Iwuh sore iku ditekani emeh kabeh korwil hang ana yaiku Korwil Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Depok, Bogor, Tangerang Raya lan Kapursuci (Karawang, Purwakarta, Subang, Cikampek), lan Kelompok Masyarakat (Pokmas) yaiku Prajurit Blambangan lan Magenta (Masyarakat Genteng dan Sekitarnya). Kebeneran ana pisan dhayoh teka Ikawangi Jambi yaiku kang Dr. (Cand). Kasiono, M.Pd. Dosen/Wakil Dekan 3 FKIP Universitas Batanghari Jambi hang ketepakan sore iku ana tugas ring njaba kampus dadi anggota BAN PAUD dan PNF Provinsi Jambi.
Ketua Ikawangi Korwil Tangerang Selatan hang anyar mbok Titin Iriani ngewani wekas: guyube warga Banyuwangi iki kudu dijaga kelawan prinsip seduluran selawase lan tetep gotong royong, nyangga bareng kegiyatane.
Iwuh iku diramekaken grup hadrah kuntulan hang buru bain diedegaken taping wis cukup nggawe rumang acara lan nggawe kahanan kaya ring Banyuwangi. Sakliyane iku ana hiburan kendhang kempulan teka organ tunggal kang Hari, warga Ikawangi Korwil Tangerang Selatan hang mula nyewakaken tendha lan alat musik kanggo hajatan. Artis hang teka ana Meggy Diaz lan Danang ngeramekaken iwuh sore iku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






