Ikawangi Bandung Milih Ketua Anyar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 05 Desember 2022 05:19 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Bandung milih ketua anyar yaiku kang Edi Suwondo kanggo periode 2023-2025.
  Jare Ketua Panitiyane, Kang Hadiyanto, setemene kabeh calon hang dijaring ana 16 wong taping hang sanggup maju mung kari telu, kelebu ketua dhongkol Kang Abdul Bari, Kang Sudarman lan Kang Edi Suwondo.
   "Cumpu pas dina D-ne, teka wong telu kari siji, merga hang loro mundur. Dadi kelawan aklamasi suwarane otomatis nyang calon hang siji," jare Kang Hadiyanto, wong asal Gayamlor desa Gumirih kecamatan Singojuruh.
   Anggota Ikawangi Bandung iku kira-kira ana 200 wong naming hang duwe hak milih mung kira-kira 80an. Taping hang teka ring panggonan pemilihan, Rumah Makan Laksana Sukarno-Hatta Bandung, ana 67 wong, artine lebih teka separuh anggota hang duwe hak, jare Kang Hadiyanto.
   Proses njaring calon-calone ana nawi rong minggu teka dina pemilihan yaiku dina Ahad 4 Desember sore.
  Ketua hang sulung yaiku wong asal Temuguruh, Kang Bari, mula wis suwi hing manggon nong Bandung merga mareki pegaweyane ring Jakarta. Sedurunge kang Bari sak periode taun 2019-2022, Ikawangi Bandung iku diketuai Kang Suprapto rong periode. Dene Ketua hang anyar iki, Kang Edi Suwondo, wong kelairan Genteng, Banyuwangi.
   Sakat SD-SMA ring Genteng lan buru pindhah nong Bandung tepak iyane kuliah S1 ring ITB, jurusan Teknik Mesin taun 1984. Aju iyane kuliah S3 ring negara Landa, jurusan Teknik Penerbangan ring Delft University of Technology, kutha Delft, pareke kutha pemerintahan Landa, Den Haag.
   Kang Edi dadi dosen ring almamatere, ITB, Fakultas Teknik Mesin dan Dirgantara, sakat 1992.
   Wong asli dusun Pandan, kecamatan Kembiritan, Genteng, elore SMA Taruna iki ngerabi Suci Resmiwati, wong Sumbersari, Kecamatan Srono, lan duwe anak telu wadon kabeh.
   Iyane nduweni visi yaiku: Ikawangi Bandung guyup lan manfaat. Lan misine: kelendi ngunggahaken akehe wong Banyuwangi hang welas ring Ikawangi Bandung.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf