Ikawangi Batam Nggelar Bakti Sosial nang Wong Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 September 2022 11:38 WIB)
- Laporan
Kadhung ring tanah boroan, sapa wong hang gancang nulung? Kadhung sing tangga ya dulur sak tanah kelairan.
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Batam ngarteni kadhung magih akeh wong Banyuwangi ring Batam hang uripe perlu bantuwan dulure. Hing kabeh dadi anggota Ikawangi. Kelawan tema "Silaturahmi Sedulur Banyuwangi, Minggu sore wis kelaksan nyebaraken sembako kanggo 42 wong.
" Muga-muga mengarepe bisa ajeg lan kelawan kuota hang lebih akeh dadi bisa ngewani wong hang lebih akeh," gedigu jare ketua Ikawangi Batam Syamsudin Malik.
Gelar sosial iki dipimpin langsung ambi Kabag Sosial hang anyar Ikawangi Batam Pak Sunarto, ambi Sekretarise Pak Andreawan Eka Permana lan dibantu Wakil Pak Rusyanto.
Muga-muga bisa dadi tuntunan lan tuladha kanggo Ikawangi lan anggotane uga masarakat umume, jare Kang Syamsudin hang asal dusun Pekiringan, Sumbersari, Srono.
Nganggo telung montor, tim Ikawangi ngelungaken bantuwane ring pirangane korwil langsung ring Korwil Batuaji, Korwil Tiban, Korwil Piayu, Korwil Bano lan Korwil Bengkong.
Ring Korwil Batuaji ana wong sanga yaiku Pak Sukarno Hadi, Pak Sujiono, Pak No kesenian, Mak Via, Mbak Rina, Ustadz Arif, Siti Istianah, Wawan, Mama Arsha.
Teka Korwil Tiban Sekupang ana wong sanga pisan rabine Pak Kholil, Pak Habibi, Pak Rubai, Pak Haryono, Pak Handoyo, Mbok Santi, Mas Romi, Mbak Ratna, Pak Mas Yopi.
Teka Korwil Piayu: Pak Imam Basori, Pak Agus, Pak Husaini, Mbak Sherinda, Kang Heru, Ibu Kang Taufik, Nuraini.
Korwil Bano: Bu Atika, Kang Ramdan, Pak Bandi, Mas Aji, Pak Hendrik, Pak Akmal, Pak Mukhlisin, Mbak Liana, Judaher, Suprapto, Edi.
Korwil Bengkong: Mas Sigit, Bu Nurhayati, Bu Marsini, Mbak Intan Gandrung, Mas Yanto, Ria.
Ikawangi Batam wis ngadeg sakat 2018 lan dipimpin ring ketua umum sedurunge yaiku kang Jokoseno. Naming tepak pemilihan anyar 23 Agustus 2020, iyane hing gelem nyalonaken maning lan saiki ketuane Kang Syamsudin. Ikawangi Batam saiki nduwe anggota hang kecathet kira-kira 150 wong lan nduwe koordinator wilayah hang ana ring limang panggonan, yaiku 1. Sekupang 2. Batu Aji 3. Batu Ampar 4. Batam Center lan 5. Piayu.
Ana telung saka hang dienggo sendenan ngembangaken Ikawangi Batam yaiku 1. Agama 2. Sosial Budaya 3. Ekonomi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







