Ikawangi Dewata Nggelar Mudik Bareng Gratis

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 11 April 2022 10:06 WIB)
- Laporan



Masiya penguruse magih demisioner lan mung ana Ketua Terpilih, hing ngurangi kerentege wong-wong Ikawangi Dewata kanggo mbantu dulur-dulure hang megawe ring Pulo Bali arep mulih kampung ngerayakaken lebaran ring tanah kelairan.
   Kelawan kerjasama ambi Pemerintah Kabupaten Banyuwangi, dina Kemis tanggal 28 April, rencanane arep diberangkataken pitung bis hang bisa nguwot 350 wong lan rong truk hang bisa ngangkut 60 sepidhah montor, jare kang Lulut Joni Prasojo hang ring kepengurusan sedurunge dadi wakil sekjen.
   Dene mangkate bis teka Parkir Timur Lapangan Renon Denpasar. Mudhune bisa ring sak dawane jalur bis teka Ketapang sampek Kalibaru lan sepidhah montor bisa mudhun ring terminal bis Karangente, Rogojampi, Jajag lan Genteng.
   "Mudik bareng iki gratis," jare kang Joni. "Penumpang mung diarahaken ngewani picis 10 ewu kanggo supir lan petugas hang nguwot sepidhah montor."
   Mudik bareng iki setemene wis dilakoni Ikawangi Dewata sakat taun 2015. Kala semono ana petang bisa hang nguwot 220 wong lan truk siji hang ngangkut 21 sepidhah montor. "Dilakoni saben taun taping ketanggor pageblug sore dadi taun 2020 lan 2021 hing ana," jare kang Joni.
   Taun 2016 melaku petang bis (220 wong) lang 36 sepidhah montor.
   Taun 2017 kerjasama ambi rong pemkab. Ambi Pemkab Banyuwangi diberangkataken wolung bis (400 penumpang) lan truk siji (30 sepidhah montor). Lan Ambi Pemkab Badung Bali ana pitung bis (35 penumpang) lan rong truk (60 sepidhah montor). Taun 2018 ambi Pemkab Banyuwangi ana 8 bis (450 penumpang) lan rong truk (60 sepidhah montor). Teka Pemkab Badung, 7 bis (350 penumpang) lan rong truk (64 sepidhah montor). Taun 2019 mung Pemkab Banyuwangi, pitung bis (350 penumpang) lan rong truk (64 sepidhah montor).
   Sapa bain hang bisa? Sarate hang duwe KTA Ikawangi Dewata lan duwe sertipikat booster. Kadhung buru vaksin 1 & 2 kudu nduwe antigen. Dene wong hang durung vaksin blas, kudu ana surat keterangan dokter lan PCR H-1. Uga potokopi STNK sepidhah montor.
   Sakliyane mulih bareng gedigi, Ikawangi Dewata hang duwe rong ambulan wis kerep ngirim wong mulih merga kadheman utawa sampek umur.
   Ikawangi Dewata dideklarasikaken tanggal 20 Nov 2009 lan  didaptaraken ring notaris tanggal 19 Feb 2010. Saiki duwe anggota lebih 8.000 wong. Minangka badan hukum, Ikawangi Dewata wis kedaptar ring kementrian Hukum dan HAM lan uga ring Kesbangpol propinsi Bali lan kabupaten hang ana ring Bali.
   Ring Mubes tanggal 27 Maret sore buru kepilih maning ketuane yaiku Agustinus Winjaya SH masa bakti 2022-2026 lan dikarepaken ring bungase ulan iki wis ana susunan pengurus hang anyar.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor