Ikawangi Jakarta Arep Musyawarah Milih Ketua Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 06 Desember 2022 06:51 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta arep nggelar Musyawarah Paguyuban limang tahun sepisan sak perlu milih ketua umum hang anyar.
Ketua Umum Ikawangi Pusat hang saiki Dr. Bambang Sugiyono, SE, M.Si wis kepilih dadi ketua telung periode lan tepak 50 taune Ikawangi taun 2022 iki, periodene hang kaping telu entek pisan.
"Isun wis tuwek, wis wayahe diganti hang enom... dadi tahun 2023 engko Ikawangi Pusat kudu nduwe ketum hang anyar," jare wong asal Genteng hang tau madeg dadi walikota Jakarta Utara iki.
Iwuh Musyawarah Paguyuban iku arep dianakaken ring kantor Walikota Jakarta Timur ring Pulogebang, Cakung dina Ahad tanggal 11 Desember. Ketua pemilihane yaiku Kang Rusdi Maksum pensiyunan Mayor Jenderal Marinir hang tau dadi direktur Badan Intelijen Nasional.
Aran-aran hang seliweran minangka calon ketua umum iki akeh setemene. Wong asal Banyuwangi ring Jakarta ya akeh hang duwe jabatan dhuwur. Naming yaiku hing gampang golet calon hang bisa ngelungaken waktu lan dedikasine kanggo organisasi Ikawangi hang paling tuwek sak Nusantara iki.
Aran-aran hang tau diusulaken warga ring panitiya umpamane Kang Yani, politisi hang uga anake ruwahe Pak Abdul Kahfi hang tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta. Kantor sekretariat Ikawangi saiki ring Ciracas Jakarta Timur disilihi panggonan ambi Kang Yani. Ana pisan Kang Marhen, lare Banyuwangi hang saiki madeg dadi direktur Pemasaran Pariwisata Nusantara. Ana Kang Sujiono, pejabat ring Pemda Tangerang hang uga ketua komunitas Gowes Ikawangi. Ana Kang Sugihadi pengusaha hang saiki magih dadi wakil ketua umum. Uga Kang Sudibyo, adhike Kang Sugihadi, pengusaha pisan hang sak suwene iki dadi wakil bendahara Ikawangi. Naming embuh sapa hang engko arep dadi calon hang bisa dipilih.
Ikawangi ring Jakarta iki wis ana sakat 1972, diedegaken antarane ambi Pak Sutarjianto lan Pak Hafandi kelawan aran Pewangi Jaya, tanggal 16 September 1972 ditetepaken dadi dina laire. Aju dadi wadhah wong Banyuwangi hang ana ring Jakarta, gesah, arisan lan sakpiturute, naming tau rada kingslep. Sampek taun 1991, tepak ruwahe pak Abdul Kahfi dadi walikota Jakarta Pusat organisasine iki diuripaken maning kelawan aran anyar Ikawangi.
Hang tau dadi ketuane antarane yaiku ruwahe Pak Boesairie Abdullah, ruwahe Pak Mulyono Munawar, Kang Hanipan lan Kang Bambang.
Tepak jamane Kang Bambang mangkat merujuk Koordinator Wilayah (Korwil) hang ngurusi wong Banyuwangi ring wilayahe. Serta ana teknologi, antarane telepon cekethem, komunikasi saya lancar, saya gampang nemokaken dulur-dulur sak Tanah Kelairan.
Seperene ana korwil-korwil hang ngadeg dhewek ring ngisore payung Ikawangi Pusat. Korwil-korwil iki engko ya duwe suwara kanggo milih ketua hang anyar. Yaiku Korwil Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Depok, Bogor, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Kapursuci (Karawang, Purwakarta, Subang, Cikampek), lan Cimerang (Cilegon, Merak, Serang).
Dadi sapa hang paca kepilih?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







