Ikawangi Jember Mbantu Wong Mbambung Asal Muncar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 27 April 2022 09:15 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi Jember (Ikaje) melaku telikas mbantu wong Banyuwangi hang urip mbambung nong Jember.
Ketua Umum Ikaje kang Rohman lan pengurus Ikaje liyane sore 26 April marek ndeleng ana kabar ring instagram gancang nyambangi Pak Yadi, wong asal Kedungrejo, Muncar. Ikaje ngelungaken santuan arupa sembako, beras zakat fitrah, kebutuhan lebaran lan picis 1,5 juta rupiah.
"Wis kene takoni, geleme dibalekaken nang Kedungrejo tah dilebokaken panti Jompo. Wonge magih mikir-mikir. Engko marek lebaran arep disambangi maning," jare kang Rohman.
Pak Yadi saben dinane dodolan sapu, kebut lan sapu kerek ring parek jembatan Semanggi Jember. Dene turune ana ring ngingsore Jembatan iku lan aduse ring kali. Mbukak dhasaran ring terotoar Semanggi sakat jam 7 isuk sampek jam 12 dalu.
Iyane wis suwi ninggalaken Kedungrejo Muncar merga pegatan ambi rabine. Anake siji milu rabine lan wis suwi hing tau weruh kabare. Arep balik nong Kedungrejo ya wis hing duwe pamili maning. Iyane ya nulungi rijig-rijig ring musala hang ana ring parek kono.
"Dadi sakwetara kene nitipaken nong pengurus musala hang ana ring parek kono," jare kang Rohman.
Pak Yadi sedurunge wis manggon ring pirangane panggonan ring Jember lan sedurunge pageblug manggoni kolong jembatan Semanggi.
Masiya saiki mbantu wong Banyuwangi, Ikaje iki hing eksklusip lan soliter. Sedurunge ya wis ngelungaken tangane kanggo nandur wit-witan ring "Program Sejuta Pohon" kelawan tujuwan ngedhang miline banyu merga Jember kerep keneng belabur tepak wayah udan. Wit woh-wohan lan wit kayu-kayuan hang ditandur kayata duren, apokat, matoa, lan kayu putih (Eucalyptus) ring kecamatan Arjasa yaiku Dusun Krajan, Tegalbago, Bendelan, Calok lan Gumitir.
Tepak wayahe Gunung Semeru mbeledhos, Ikaje ya ngelungaken bantuwan nyang wong-wong hang dadi kurban.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







