Ikawangi Jember Wigati Banjir Kalibaru
Slamet Hariyadi (dipublikasikan pada Minggu, 13 November 2022 06:33 WIB)
- Laporan
Kedadeyan banjir hang nyerbu wilayah kecamatan Kalibaru sakat minggu sore nggugah dulur-dulur Ikawangi Jember nganakaken bakti sosial. Dikoordinir ring Ketua Ikawangi Jember, Dr. Slahar lan ulih rekomendasi teka para penasihat, pengurus lan anggota cancut taliwanda padha tiblakan ngelumpukaken sakderma bantuwan kanggo dulur-dulur hang keneng belahi banjir pirang dina kepungkur.
Bantuwan hang diwujudaken sembako, arupa beras, mie instan lan lenga goreng diateraken rame-rame ring lokasi bencana. Dibantu ambi anggota Ikawangi Jember Kang Rachman hang aseline mula teka Kalibaru, bantuan sembako uga ditambahi ambi santunan lalare atim nurut pituduhe tokoh masarakat ring panggonan.
Kadhung ndeleng kahanan ring titik banjir, mula terjangan banyu katon gedhi lan ngancuraken akeh umah-umah ring pinggirane kali. Penyawangan kondhisi ancur lebur katon ngegirisi ring sakubengane lokasi bencana. Hing tau-taune kedadeyan kaya gedigi. Pak Harisa, salah sawijine korban banjir madul kadhung banyu gedi teka hing dinyana-nyana. Isine umah kabeh kanyut, kelebu rawatan iwak Koi. Kadhung ditotal-total kira-kira satus jutaan kerugiane dhewek. Durung tangga-tangga desa liyane hang kelangan sepidhah montor (7), montor (3), wedhus (14 ) lan sapi (3). Ana kira-kira limang desa hang keneng antarane Desa Banyuanyar, Kalibaru Manis, Kalibaru Wetan, Kalibaru Kulon lan Desa Kajarharjo. Sak kabehe ana 1.100 wong hang keneng banjir. Paling sesehan keneng banjir yaiku ring Desa Kalibaru Wetan, ya panggonane Pak Harisa mauka. Malah telung sasak hang dadi dalan antar desa uga kukut.
Tapi Alhamdulillah, pihak BPBD Propinsi lan Kabupaten tanggap aju mindhahaken warga hang keneng dhampak lan uga diweni bantuan kanggo nyambung urip. Bantuan teka instansi, perusahaan lan masarakat umum uga ana kelebu komunitas-komunitas sosial kaya Ikawangi digi.
Bupati Ipuk ngomong kadhung gara-garane banjir Kalibaru ana telung perkara, yaiku anane udan hang hing mandheg-mandheg, alih fungsi lahan PTP XII teka tanaman keras dadi tanduran tebu lan faktor tumpukan dheket ring kali-kali. Gayut ambi telung perkara iki, Ikawangi Jember duwe niyatan kanggo program Reboisasi ring lahan-lahan kosong kaya hang tau dianakaken ring dhaerah Jember taun kepungkur. Wujud perduli gedigi hang dadi sambunge tali rasa para diaspora Jember ambi tanah kelahiran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







