Ikawangi Kupang Milu Gerebeg Suro

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Juli 2023 09:32 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) ring kutha Kupang NTT milu iwuh gerebeg Suro 2023 sampek ping loro sore.
   Ring raina, ana kira-kira 50 warga Ikawangi hang milu, diangkati teka pelataran kantor Walikota Kupang lan dipungkasi ring Alun-alun kota Kupang. Dene dalune, Ikawangi milu acara pentas seni budaya ring Alun -alun, jare humas Ikawangi Kupang Kang Guntur asal Tegaldlimo.
   Ikawangi Kupang hang dipimpin Pak Raji Wijayanto, nampilaken pirangane tari lan atraksi kayata Tari Garuda, seni Kuntulan, Tari Jaranan Pegon, Tari Jaranan Buta, Tari Jejer Gandrung, Macan Caplok, Tari Macan Lundoyo lan Maskote Tari Barong Suro Arum.
    Bidhang seni ring Ikawangi dipimpin Kang Slamet Santoso lan Slamet Sugiarto.
   Saya dalu, penontone saya ambyak-ambyakan paran maning tepak atraksi Jaranan Buta lan Macan Lundoyo, atraksi mangan sate geni, mangan semprong, mangan silet, lan mangan ayam urip nggawe kahanan saya mistis, nggawe penonton saya mengkorog jithoke.
   Ring iwuh iki, Ikawangi diundang ring K2S (Kontak Kerukunan Sosial) kota Kupang kanggo ngisi acara "Malam Sarasehan dan Pagelaran Budaya."
   Kesenian Banyuwangi mula wis dadi agul-agule wong Jawa hang ana ring Kupang, paceke nggawe kaju. Sakliyane enem panjak gandrung, ana gandrung cilik lan gandrung tuwek, tim keseniane ya ana Macan Keduk lan Jaranan Buta.
   Ikawangi NTT iki wis suwi ana kelawan aran Paguyuban Blambangan. Taping buru bain dikukuhaken organisasine kelawan aran Ikawangi tanggal 3 April 2021. Saiki ana nawi 160 KK hang dadi anggotane.
  Sakliyane kesenian, sabene ya tau mbantu warga, mbecikaken umahe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor