Ikawangi NTT Mentingaken Kesenian lan Sosial
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 09 April 2022 10:49 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Nusa Tenggara Timur hang ana ring ibukotane yaiku Kupang, seru gedhine nduwe rasa tetulung kanggo sedulur sak tanah kelairan lan ngembangaken tim kesenian Banyuwangi.
Seperene wis pindho mbantu Bedah Rumah warga Banyuwangi hang ana ring kono. Hang pungkasan, mbangun umahe Pak Asmui Abdillah wong asal Welaran Banyuwangi kutha hang ana ring kecamatan Oesao Kabupaten Kupang. Pak Asmui iki umure kira-kira 70 taunan lan urip ambi anak wadone siji lan putune. Umahe hang ukuran kira-kira 6x8 digarap ambi 25 wong Ikawangi, sedina muput, wis ngadeg sakat mondhasi sampek masang genthenge. "Dene materiale kira-kira entek 15 juta. Taping ya ana sumbangan teka warga Ikawangi liyane kayata lawang lan cendhela," jare humas Ikawangi NTT kang Guntur.
Kegiyatan Ikawangi NTT iki mula akeh-akehe nong kesenian lan sosial. "Setemene wilayahe mung kutha Kupang lan Kabupaten Kupang. Taping kadhang ulih tanggapan sampek nong Pulau Rote. Kebeneran Asisten 1 bupati nong Rote Ndau wong Banyuwangi arane pak Untung," jare kang Guntur hang sedina-dina nggarap modifikasi montor-montor ring bingkile.
Wis biyasah, tim kesenian Banyuwangi kesuwur nong endi-endi bain. "Kene paling dadi andalan ring Paguyubane wong Jawa. Kesuk tanggal 14 iki ya diundang ring kantor gubernur," jare kang Guntur. Sakliyane enem panjak gandrung, ana loro gandrung cilik lan telu gandrung tuwek, tim keseniane ya ana macan keduk lan jaranan buta.
Ikawangi NTT iki wis suwi ana kelawan aran Paguyuban Blambangan. Taping buru bain dikukuhaken organisasine kelawan aran Ikawangi tanggal 3 April 2021. Ketuane aran Bapak Raji Wijayanto. Saiki ana nawi 160 KK hang dadi anggotane, jare kang Guntur hang asal Tegaldlimo.
"Kene hang diandelaken iku sakliyane musik, ya bidhang sosial, santunan. Saben Ramadan nggawe Safari Ramadan," jare kang Guntur.
Bedah rumah taun sore tau dilakoni pisan ring umahe pak Poniman, wong asal Glenmore hang urip ana ring dhaerah Oesapa Kupang.
Sakliyane iku, Ikawangi NTT tau nulung wong Jember hang mulih taping hing duwe biyaya. "Kadhung hang gedigi iki akeh. Wong hing mampu taping arepe mulih. Taping ya hing gampang merga ana pisan kasuse, arep ditukokaken tiket, taping keluwargane ring Banyuwangi hing gelem nerima."
"Taping kene iki wis siyap mbantu sapa bain hang butuh bantuwan. Hing mung kanggo wong Banyuwangi taping hang teka wilayah liyane pisan."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







