Ikawangi Nusantara Tah Ikawangi Pusat?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 April 2024 08:21 WIB)
- Laporan



Wadhah payung organisasi Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) sak nusantara buru katon sithik tepak disebut-sebut ring iwuh Diaspora ning Pendhapa Sabha Swagata Blambangan dina Sabtu 13 April sore.
   Aran Menteri Pariwisata dhongkol Arif Yahya disebut minangka ketuane, dene Menteri PANRB Abdullah Azwar Anas minangka wakile. Sedheng aran organisasine magih durung putus.
   "Kadhung setuju ya Ikawangi Pusat aran hang dienggo kanggo organisasi anyar, digawe wadhah koordinasi kabeh Ikawangi dhaerah. Sedheng Ikawangi Jabodetabek ana dhewek," jare Pak Arif Yahya nang belambangan.com.
    "Dene Ketua Ikawangi Jabodetabek iki didadekaken Ex Officio Ketua Pelaksana Harian Ikawangi Pusat," tambah Pak Arief hang saiki dadi direktur utama Viva Media hang njangkungi ANTV, tvOne lan portal viva.co.id.
   Iwuh taunan Diaspora sore ditekani perwakilan Ikawangi teka pirangane dhaerah sak Nusantara, malah ana pisan hang teka Ikawangi negara manca kayata Ostrali, Jepang lan Amerika.
   Perkara aran organisasi anyar iki nganggo aran paran, setemene ya durung putus. Merga aran Ikawangi Pusat iki wis dienggo ambi Ikawangi Jabodetabek. Kerana Ikawangi hang ana ring Jabodetabek iku hang kawitan ngadeg 52 taun kepungkur. Aju buru dipiloni Ikawangi ring dhaerah liya.
   "Arane durung putus, organisasine kelendi ya durung putus. Magih arepe rapat maning. Nawi nganggo aran Ikawangi Nusantara, tapi durung putus, Isun hing wanen komentar. Polae engko arep diomongaken ning Jakarta," jare Ketua Umum Ikawangi Pusat (Jabodetabek) Mayjen (purn.) Rusdi Maksum.
   Rapate arep digelar, minimal ana Pak Anas, Pak Rusdi lan Pak Arif Yahya. "Engko Isun arep nggawa wong-wong hang ngarti organisasi, bisa bain Penasihat utawa Pelindung Ikawangi," jare Pak Rusdi.
   Organisasi anyar iku kelendi wujude, arupa yayasan tah paguyuban, magih durung jelas. Tapi jare Pak Arif kayane arupa paguyuban.
   Sapa sekretaris lan bendharane durung ditamtokaken. Kelendi hubungane ambi Pemda lan perinthilan liyane ya magih durung diputusaken.
   Sakat kira-kira petang taun kepungkur, Ikawangi sak nusantara lan hang ana ring negara manca wis ngomongaken anane wadhah anyar hang bisa ngeraketaken lan nguwataken organisasi Ikawangi hang uwis saya anjrah nong endi-endi papan, hususe ring nusantara. Ikawangi hang ana ring kutha-kutha propinsi lan kabupaten katon nduwe potensi minangka sasake Pemda Banyuwangi lan dhaerah liyane. Mangkane Bupati Ipuk kerep nekani paguyuban Ikawangi ring dhaerah-dhaerah tepak ana tugas.
   Hang saiki ana mung sukur grup WA hang dienggo wadhah silaturahmi anggota Ikawangi sak donya naming hing ana dayane.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf