Ikawangi Surabaya Ngunggahaken Rasa Seduluran Diaspora

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Mei 2022 07:36 WIB)
- Laporan



Tekade pengurus Ikawangi Surabaya hang anyar saya ngeraketaken seduluran ring antarane wong Banyuwangi hang duwe macem-macem paguyuban.
"Paran bain organisasine hing masalah. Beda ya hing paran-paran. Nong kene ana wong Jawa, Medura, Using, hang penting seduluran," jare kang Suheri Gea, Ketua Ikawangi Surabaya hang wis dipilih ulan Maret kepungkur kelawan masa bakti sampek taun 2027.
   Kang Heri hang asal Genteng iki ngibarataken sambel hang enak merga diolah teka barang hang beda-beda, ana lobok, ana ranti, ana uyah lan ana terasi.
Ring Surabaya mula akeh kumpulane wong Banyuwangi kayata Gapura Blambangan, Laros Bersatu, Kemangi, Toya Arum, Sekar Wangi lan kumpulane mahasiswa.
   Ikawangi Surabaya iki duwe kira-kira 200 anggota hang nyekel kartu anggota taping kudu direkap maning merga ana hang wis pindhah taping ya ana wong anyar utawa anake wong hang wis pindhah. Masiya arane Surabaya naming anggotane hing mung sewates wong Surabaya naming uga teka Gresik lan Sidoarjo.
   Bibit perkawite diedegaken sakat 1 Sep 1996, naming durung patiya jejeg. Malah tau ana embel-embel arane dadi Ikawangi Sejahtera. Taping sakat 17 Maret 2017 mbalik nganggo aran Ikawangi Surabaya. Organisasi iki wis kedaptar ring kementrian Dalam Negeri taun 2002 lan wis nduwe kegiyatan koperasi simpan pinjam sakat 2005. Sekretariate ana ring Kebraon hang uga dadi panggonan kantor koperasi.
   Hang dadi program jangka panjange, Ikawangi Surabaya iki mbecikaken grup kesenian hang seperene hing patiya dirumat. Bengen tau ana taping gamelane akeh hang rusak.
   "Uga kelendi carane ningkataken kinerja koperasi lan UMKM," jare kang Suheri.
   Kegiyatan hang rutin ana yaiku arisan anggota hang dianakaken sak ulan sepisan.

Susunan Pengurus Ikawangi Surabaya
Penasihat: Ir. Eddy Purwodarminto
Ketua: Drs. Suheri
Wakil Ketua: Windaryono
Sekretatis: Agung Santoso
Wakil Sekretaris: Sunari
Bendahara: Ari Prawesthi, SE
Wakil Bendahara: Bagus Sugiatmoko, SE
Sie Rohani: Achmad Sahir; Suyatno
Sie Humas: Syamsul Aris SH; Yuyun Junaidi
Sie Olahraga dan Kesenian: Dwi Kayat; Heri Prayogi
Sie Sosial: Amirullah; Sunoto

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf