Ikawangi Tangerang Muludan, Mbangun Pondhokan Lare Atim

Muhammad Jamil Rendra (dipublikasikan pada Selasa, 09 November 2021 10:25 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Tangerang Raya hing mung ngarak endhog-endhogan lan ancakan tepak Muludan taping uga mbangun pondhokan kanggo lare atim. 

Kayadene hang ana ring Banyuwangi, dina Minggu 7 Nopember sore, Ikatan Keluwarga Banyuwangi (Ikawangi Korwil Tangerang Raya) nganakaken Muludan kelawan ngarak endhog-endhogan lan tradhisi ancakan.

Acara muludan Iki dianaken ring masjid Al Ikhwan Citra Raya Tangerang lan nekakaken penceramah salah sijine artis pelawak Patrio hang wis milih jalur dakwah yaiku Ustad Akri kelawan tema Saling Berbagi Di Masa Pandemi.

Acara Ngarak Endhog diangkati sakat isuk teka bunderan perumahan Citra Raya diuwot kol buntung Nyang Masjid Al Ikhwan  lan diiringi kesenian Hadrah kuntulane Ikawangi Tangerang Raya. Jumlah endhoge ana 500 hang dicublesaken ring petang gedebog .

Acara Ngarak endhog Iki dipapag langsung ambi Ketua Ikawangi Pusat kang Bambang Sugiyono ring masjid Al-Ikhwan. Katon ngancani ketua umum ana Bendahara mbok Sofi, Wakil Bendahara kang Dibyo, kang ketua Ikawangi Tangerang Raya kang Kahfi, penasihat pak Sujiono, wakil ketua kang Krisna, sekretaris Zen, humas kang Yahya, lan kang Munir. Ana uga teka Bekasi kang Nanang, ketua Magenta mbok Titik, humas Ikawangi Tangsel kang Arief hang dikancani anggota Ikawangi Tangsel liyane.

Ring sambutane kang Bambang ngucapaken kesuwun merga anane korwil-korwil iki lan kegiyatane ndadekaken Ikawangi saya gedhi lan kompak. Paran maning korwil-korwil iki bisa aktip nong kegiyatan sosial lan keagamaan kelebu Muludan. Iwuh iki salah siji wujud nerapaken slogan Ikawangi yaiku "Gendhong indhit, megiyet bareng" hang maksude megawe bareng disangga wong akeh.

Sak durunge acara dum-duman endhog, ancakan lan ceramah inti, ana sambutan Ketua Yayasan yatim Satu Benih Pak Imam lan sambutan Ketua DKM masjid Al Ikhwan, Pak H. Yahya Maksum.

Ring acara Muludan iku, Ikawangi Tangerang Raya nyerahaken picis 22.500.000 rupiah kanggo mbangun pondhokan ring Yayasan Satu Benih, kanggo lalare atim ring Tenjo. Picis iki dikelumpukaken teka anggota hing mung Tangerang Raya taping uga teka Ikawangi korwil liyane. Yayasan Satu Benih mula mbukak kesempatan kanggo sapa bain hang gelem milu mbangun pondhokan arupa bangunan gedhong hang engkone dipanggoni lalare atim hang mondhok ring kono. Dene lemahe wis disiyapaken ambi pihak yayasan. Picis bantuwan dielungaken ring Ketum Ikawangi Pusat kang Bambang ambi dikancani Ketua Korwil Tangerang Raya pak Kahfi lan Pembina pak Sujiono, nyang Ketua Yayasan Satu Benih pak Imam.

Seminggu sedurunge, Ikawangi korwil Tangerang Selatan uga nganakaken Muludan tanggal 31 Oktober 2021 lan dianakaken ring desa Jampang Gunung Sindur.

Acarane uga ana endhog-endhogan akehe 500 kembang endhog. Ikawangi korwil Depok merga hing nggawe acara Muludan dhewek milu ngerayakaken bareng ring kono kelawan nggawa 200 kembang endhog hang digawa langsung teka Depok. 

Acara dianakaken ring umahe kang Hari hang uga parek musala Nurul Iman. Dadi Ikawangi Tangsel ngejak jamaah Nurul Iman ring acara iku.

Sambutan dikawiti mbok Titin Iriani hang ngomong gok kabeh acara iki merga digendhong indhit akeh wong. Iyane ngucapaken sukur hang gedhi merga bantuwane wong akeh acarane bisa kelaksan. 

Acara Ikawangi Tangsel iki, ditekani Bendahara Pusat Mbok Sofi, mbok Sule, Ketua Ikobe mbok Kurnia,  Ketua Ikawangi Jaksel kang Faisal Jusuf hang bareng bendahara kang Budi, Ketua Ikawangi Depok Haji Zainul  lan humase kangTohir. Teka Tangerang Raya ana ketua kang Kahfi, sekretaria kang Zen lan himas kangvYahya. Dene Ikawangi Jakarta Timur diwakili rabine ketua pak Sugiman dikancani kang Yusron sekretaris, Dayat, Alim, Ustad Yusuf.

Acara dipungkasi kelawan rebutan endhog. Masiya adoh teka tanah kelairan, wong-wong Banyuwangi magih milu nguri-uri tradhisine. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Yahya / Kang Jamil

Editor: Antariksawan Jusuf