Ilang Teka Event B-Fest, Festival Patrol Ulan Puwasa Magih Ana
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 25 April 2022 08:16 WIB)
- Laporan
Masiya ilang teka event B-Fest 2022 Festival Patrol Banyuwangi taun iki magih ana lan sing bakal ilang teka Banyuwangi. Manggon ana ring Kampus Poliwangi Banyuwangi Jalan Raya Jember KM 13 Kawang Labanasem Kec. Kabat Banyuwangi bengi iku Sabtu, 23 April 2022 tandhing maning petang grup hang wis ndaftar ana ring Festival Musik Patrol Kreasi hang dianakaken Panitiyane yaiku UKM Geniwangi Politkenik Negeri Banyuwangi.
UKM Geniwangi (Unit Kegiatan Mahasiwa Gema Seni Mahasiswa Poliwangi) iki nganakaken pestival sakliyane Festival Patrol uga Festival Akustik Religi hang dianakaken uga ana ring Aula Azwar Anas Kampus Poliwangi Labanasem Kabat Banyuwangi. Lomba hang wis dikawiti sakat jam 08.00 isuk iku buru mari ana ring jam 23.00. Festival Musik Patrol Kreasi iki dadi gong lan pamungkase ambi nganakaken pengumuman juwarane.
Ina Fatahna L hang dadi ketua panitiyane nyatakaken kadhung Festival iki dianakaken ring pas dina mengeti kelairane UKM Geniwangi hang kaping sanga. Rehdene kegiyatan iki pas ambi ulan puwasa mula iku dianakaken kelawan tema religi utawa islami.
Masiya sing akeh pesertane naming lomba patrol bengi iku rasane kaya final teka grup-grup terbaik sak Banyuwangi bain rasane. Peserta hang milu rata-rata peserta hang wis langganan juwara ring event-event lan lomba-lomba patrol hang sakdurunge dianakaken ring Banyuwangi.
Umpamane bain kaya “Joyo Karyo” hang taun sore ring Kemarang juwara nomer siji Festival Patrol Banyuwangi lan uga juwara siji ring Festival Patrol Jawa Timur, ana uga Banyuwangi Putra teka Temenggungan hang taun sore juwara 2 Festival patrol hang ana ring Waroeng Kemarang. Lan sing kalah maning grup “Jelaring Junior” teka Kecamatan Cluring hang rong taun kepungkur uga juwara siji ring Festival Patrol Banyuwangi. Lan maning grup patrol teka Gambiran hang uga wis ing kaping-kaping juwara patrol ring taun-taun sabane.
Petang grup tampil ana ring panggung aula Azwar Anas ambi pembawa acara pelawak nom-noman yaiku Andi-Toher lan kanca-kancane hang bisa nguweni hiburan seger-seger sakdawane penonton nganteni giliran tampil lan nganteni sidang juri kanggo namtokaken pemenange.
Kabeh peserta hang tampil wis bisa nguweni syarat lan ketentuan lomba hang wis ditamtokaken ana ring juknis lan peraturan Festival Musik Patrol Kreasi, akehe pemain maksimal 12, kaya dene durasi tampile maksimal 7 menit, ngawakaken lagu-lagu sholawat lan lagu-lagu relegi Banyuwangi, lan maning kudu nganggo alat-alat musik patrol khas Banyuwangi hang kabeh digawe teka jajang hang penting maning wilahan. Wilahan maksimal hang magih ulih yaiku 5 wilah.
Sakteruse panitiya nguweni penghargaan arupa 3 penyaji terbaik non rangking lang penyaji favorit kadhung peserta bisa milu nyang kriteria penilaian kaya dene, 1. Karakteristik, Dinamika, Kraetifitas, Performance (kekompakan, Penguasaan Panggung, Durasi lan Kostum).
Hang kedhapuk dadi juri ring bengi iku anatarane bain Sunardiyanto, Muhammad Ikwan, lan Eko Rastiko. Pemenang ring Festival Musik Patrol Kreasi bengi iku asile teka penjurian; 3 Penyaji Terbaik yaiku “Joyo Karyo” Singotrunan, “Banyuwangi Putra ” Temenggungan, “Jelaring Junior” Cluring, lan penyaji favorit yaiku “Aruna Adhi Saga” teka Gambiran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf






