Ilmu Pidhato Basa Using Teka Sastrawan Kang Ujik
Nur Holipah (dipublikasikan pada Jumat, 02 September 2022 06:59 WIB)
- Laporan
Ring iwuhe Pekan Lomba Sastra Using hang dianakaken MGMP Basa Using SMP, 30-31 Agustus 2022 sore, ana pituduh teka sastrawan Using Abdullah Fauzi alias Kang Ujik. Kelendi sih setemene pidhato iku? Mula ring Pekan Lomba Sastra Using iku, salah siji lombane yaiku Pidhato Basa Using kelawan tema umum: Ngelestarikaken Bahasa lan Budaya Banyuwangi.
Sakliyane Kang Ujik, jurine ana Aden Syahlana ambi Iwan Rohmatuddin. Sakmarine mbiji peserta pidhato hang akehe ana 49 ring dina kawitan, dipilih 5 peserta hang paling apik lan ditandhingaken maning ring dina Rebo 31 Agustus 2022.
“Kadhung pas audhisi sore juri kabeh iki golet hang paling apik. Kadhung final iki, juri golet salahe. Sapa hang salah lupute sithik bijine gedhi, uga sebalike," gedigu abane Kang Ujik ring mburine meja juri.
Magih manggon ring aula SMPN 1 Giri, sakmarine 5 finalis tampil, ketelon juri nguwani komentar umum. Utamane, bab logat ambi maceme ucap-ucap liyane Using hang magih njumbul ring naskah hang dipidhatokaken.
1. Ucap /serta/ hang karepe ring Indonesiane nyatakaken ‘Yang terhormat Bapak Ibu panitia lomba serta para dewan juri’. Ucap /serta/ (Indonesia) rada sing enak kadung dipaksa diusingaken dadi ‘Hang kula urmati Bapak Ibu panitia lomba serta para dewan juri’. Mergane, /serta/ cocoge umpane kanggo tuladha iki
Indonesia: Dia bilang sakit tapi setelah kujenguk dia sedang asik bermain.
Using: Larene ngomong warang, serta hun inguk temakaken enak memengan.
Mulane, serta ring konteks iki bisa nganggo /uga/ utawa /ugi/, rada basa. Merga iku tepak penghormatan. Mula kadhung gawe naskah pidhato, enake gawe teka asal jalukan basane. Kadhung naskah ulihe ngalihbasa (terjemahan), kudune tepak nerjemah ya kudu didileng konteks kalimahe kelendi.
2. Nguri-uri padha tegese ambi ngurip-uripi lan ngelestarikaken. Ana salah sijine peserta ngucape dadi /ngurih-ngurih/. Paceke ngurih-ngurih kadung ring Basa Using tegese ya rijig-rijig, ucap asale yaiku /kurih/.
3. Ucap sakliyane Using hang magih njumbul:
- Oleh karena itu. Iki magih Indonesia. Endane sing ana tah ucap Usinge? bisa disiluri ambi /mulane/.
- Magih ana hang kathik /jenenge/, ale ring Basa Using wis ana /aran/.
- Magih ana hang kathik /akhiri/, ale ring Basa Using wis ana /pungkas/.
- Magih ana hang kathik /karo/ hang karepe nyatakaken dan, ale ring Basa Using wis ana /ambi/
- Magih ana hang kathik /marang/ hang karepe nyatakaken kepada, ale ring Basa Using wis ana /nyang/
- Magih ana hang kathik /bonggo/ hang karepe nyatakaken bangga, ale ring Basa Using wis ana /mongkog/
4. Ucap /dadi/. Akeh hang ilate magih ngucapaken dhadhi. Setemene ucap /dadi/, ilate kudu ambi digeget. Padha kaya pas ngucapaken dudu (bukan); wadon (perempuan); dami (jerami); damar (lampu); adol (jual); duwe (punya); kudu (harus) lan liyan-liyane. Serehne konsonan /dh/ kaya ring dhawet, madhang, padhang, dhawuk, dhengkul, dhewek, dhengkol, dhompal, dhuwur lan liyan-liyane. Kadhung bingung, bisa dicacak ambi diucapaken siji-sijine, makene bisa weruh lan ngerasakaken bedane.
5. Panggon hang cocog dhung arep nganggo ucap /iling/ ambi /enget/. Umpamane:
- Tepak ngamuk, bapak kaya wong sing iling.
Ucap /iling/ bisa dienggo kanggo urusan kebatiniyahan. Ucap /iling/ bisa duwe arti /tuang/. Umpamane:
Emak ngiling banyu teka kendhi nyang morong
Enget, cocoge kanggo:
Wis gadug lawang kori sekolah, buru enget buku cathetanisun kelalen.
6. Ucap-ucap Using kadhung dipungkasi /-na/ utawa /-ena/ cocoge kanggo perintah, umpamane:
- Becikena (Perbaiki)
- Lestarikena (Hidupkan)
Tegese perintah.
Kadhung dipungkasi /-aken/, iki tegese kata kerja aktip, umpamane:
- Mbecikaken (Pak Uwek mbecikaken damar strungkinge hang coplok)
- Ngelestarikaken (Lare-lare SMP milu ngelestarikaken Basa Using ring Lomba Pekan Sastra Using 2022).
Sing keneng disepelekaken paran hang wis disampekaken Kang Ujik ring pungkase Final lomba dina Rebo, 31 Agustus. Paran iku? Makene sing luput maning, Kang Ujik nyampekaken paran-paran hang kudu (ulih) lan hing ulih dilakoni tepak pidhato. Gok pidhato iku beda ambi ceramah, tausiyah, lan penyuluhan. Bangete pidhato, apike awake meneng bain. Sing usah kathik mingser utawa melaku ngiwa lan nengen. Merga pidhato iku sing butuh penguwasaan panggung kaya aksi teaterikal utawa monolog.
Serehene urute naskah kanggo pidhato kudu ana:
- Salam lan penghormatan (didileng ana sapa bain sekirane hang perlu disapa, aja hang sing hadir disebutaken pisan!)
- Pembuka. Paceke ngejak ngucap syukur lan maca selawat.
- Isi.
- Penutup utawa pungkasan. Iki ulih lan wis umum kadhung dipungkasi nganggo wangsalan (pantun).
Hang kudu dienget-enget dak improvisasi utawa kembangan, ulih bain. Taping ya aja ngawiti pidhatone kelawan gendhingan. Yong pidhato iku resmi. Gulakane kadhung dikawiti gendhingan, kaya orkes.
“Tau weruh tah, Bu Ipuk ngawiti pidhatone ambi gendhingan?” gedigu pitakone Kang Ujik nyang 5 finalis pidhato. Lalare padha munyik tepak ditakoni gedigu.
Asil rangking kabeh lomba hang wis dipungkasi Rebo 31 Agustus 2022 sore, buru arep disampekaken kisuk Sabtu ring rapat MKKS (Musyawarah Kerja Kepala Sekolah).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pekan Lomba Sastra Using 2022
Editor: Antariksawan Jusuf






