Iluh Deredesan Nong Milad SD Muhammadiyah 1

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Jumat, 03 Februari 2023 07:14 WIB)
- Laporan



Wong-wong hang teka padha deredesan iluh nalika telung puluh lare hang diwisuda masang makuta nyang endhase wong tuweke nong acara Milad SD Muhammadiyah 1 kecamatan Banyuwangi. Iwuh kang digelar dina Sabtu kepungkur (28/1) nong latare sekolahan iku mula dadi gonge Milad SD Muhammadiyah 1 kaping 53.

Masiya  prestasi muride akeh taping iwuh wisuda tahfidz iki mula acara kang paling dianten-anteni. Serta acara arep ditutup wong-wong hang milu acarane padha terenyuh, sing kuwat nahan iluh kang mberebes mili kerana lalare hang apal Quran iki nong ahirat mbisuk nguweni makuta nyang wong tuweke.

Isuk iku latar sekolahan kang dipasangi terop lan teratak wis diebeki wong-wong utamane wali murid kang kepingin ndileng anake kang arep munggah pentas. Ana kang pidhato basa Inggris, pidhato basa Arab, utawa gendhingan. Piyala dhirik nong ndhuwur meja siyap diedumaken. Pemenang ana kang wis weruh tapi ana pisan pemenange hang buru weruh ya kala iku. Kaya lomba olimpiade MIPA lan Basa Inggris, pemenang sing weruh dadi juwara pira. Kadine nalika diumumaken akeh kang padha kaget sing nyangka.

Suliyati, ketua panitia milad nyampekaken nyang para undhangan kadhung kegiyatan kanggo nyambut milad kaping 53 sing mung lomba-lomba thok taping ana kegiyatan outbond, bakti sosial, melaku sehat lan gonge acara yaiku wisuda tahfidz. Sing lali, Suliyati uga nyampekaken terima nyang para undangan kang hadir, uga ditujokaken pisan nyang wali murid. Sumbangane sing mung tenaga lan pikiran taping uga dana kanggo meriyahaken acara. Hendri Mardisiwi, S.Pd kepala SD Muhammadiyah 1 uga ngucapaken terima nyang kabeh pihak. Dijelasaken ambi iyane kadhung wisuda tahfidz taun iki wis gadug angkatan VI.

Teguh Siswanto, kepala Kelurahan Penganjuran uga nguweni sambutan. Iyane ngucapaken selamat nyang wali murid kang wis nyekolahaken anake nong sekolah Muhammadiyah iki. Miturut Teguh kabeh lare nduwe sesuatu kang istimewa. Guru kudu nggoleti paran kang istimewa iku. Iyane uga priatin Covid 19 nggarai akeh lare kang nikah enom. Kerana iku Teguh ngarepaken supaya lare terus disurung patheng sekolah aja sampek mandheg tengah dalan.  Kadhung sambutan teka yayasan kang diwakili Bambang Lukito, ngarepaken nyang guru-guru supaya terus nambah ilmu utamane IT merga saiki wis jaman digital.

Wong-wong hang teka digawe mongkog ambi tampilane lare-lare. Dikawiti pidhato basa Inggris, pidhato basa Arab kang disampekaken kelawan lancar, hadirin uga disuguhi tampilan Tapak Suci. Keploke wong-wong nduduhaken kadhung lare kang tampil mula pantes dielem. Cumpune lare kang nyuguhaken Tapak Suci iku wis bolak-balik menangaken tandhing ring olahraga iki. Bida maning ambi lare-lare kang nampilaken manah. Masiya jare magih buru ajar taping wis padha bisa manah lan tepak sasaran. Pelendhongan kang disiyapaken panitiya padha meledhos kabeh lan tulisan ring mburine pelendhongan ahire bisa diwaca. Ana pisan tampilan Ndongeng (story telling). Lare kang magih kelas papat iku tampil kelawan apik. Suwarane, tingkahe ditampilaken nganggo basa Inggris kelawan lancar lan apik. Sedheng gonge acara yaiku wisuda tahfidz. Ning kene dipilih wisudawan lan wisudawati paling apik. Kang ulih predikat wisudawan paling apik direbut ambi lare kelas 1 anake Vendy Dwi Ariyanto kang aran Alif Maulana Hafizh. Sedheng wisudawati paling apik direbut Elaine Najah Khaliesa Pramanik, anake Khairul Hidayat kang mbisuke kepingin dadi pengasuh pondhok pesantren iku wis namataken juz 30, 29, 1, lan 2

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf