Imam Subandi Sujud Sukur Ulih Sepidhah Montor

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 21 Maret 2022 10:15 WIB)
- Laporan



Ungkapan Gusti Allah mboten sare kaya epas seru kanggone kang Imam Subandi hang menang hadhiyah utama Ikawangi Cycling Nusantara (ICN) tanggal 19 Maret sore.
   Kang Imam Subandi iki pegaweyane tukang jait padha ambi rabine, mbok Nela. Sorene maning rabine ana benjolan ring lengene lan kudu dioperasi. Tepak diumumaken gok nomere hang ulih sepidhah montor Vario 160 hang regane 30 jutaan, iyane sakkal mbelayu sujud sukur nong ndhuwure suket ring latare Pendopo Sabha Swagata Blambangan sedurunge munggah panggung kanggo nerima hadhiyah lawang (door prize) utama. Hang istimewa maning hang milih nomer iku Bupati Ipuk Fiestiandani hang marek ngewani sambutan.
   Kang Imam iki milu komunitas Mbeling (Mbaur Bareng Lintas Genteng) salah siji komunitas mancat hang ana ring Genteng. Anggotane lebih teka 100 taping hang milu ICN sore ana 58.
"Luar biasa terharu, kula angsal montor dugi Ikawangi. Sedurunge durung tau duwe. Hang saiki duwe montor Mio taun 2005," jare kang Imam.
  Mbeling latihan saben dina ana hang mancat taping hang akeh milu dina Rebo lan Sabtu.
   "Penemunisun, kadhung fun bike, jalure kurang dawa. Taping kelebihane Ikawangi ring hadhiyahe. Biyasahe event liya mung sepidhah, gelas cantik utawa payung," jare kang Imam hang wis dibantu komunitas Mbeling kanggo mbandhani rabine operasi.

Liya maning ambi kang Ben Nirwana, (70 taun) teka komunitas KMB (Kampung Maron Baru) tangga kulon dalan teka Mbeling. Komunitase iki wis ana sakat 1992 lan wis miloni acara sepidhahan hing mung nong Banyuwangi taping uga ring Surabaya, Madiun, Yogya, Bali. Akehe kaos acara hing bisa diitung. Biyasahe latihane ring alas-alas ring Purwo, Karangsari, Blok Agung, kabeh nganggo sepidhah MTB.
   Merga rutene - Bandara nang Pendopo - dianggep parek, kabeh anggotane mancat teka Genteng liwat Gambor lan Rogojampi.
   Ana telung penemune ring acara Ikawangi sore:
1. Konsumsi. Dibandhing acara sepidhahan liyane, suguhan teka Ikawangi hang paling mewah. Panggonan segane keneng dienggo kenang-kenangan. Biyasahe mung stirofom hang langsung dibuwang. Ombenane sampek lebih-lebih bingung nyimpene. Naming siji cathetane: mesthine konsumsi dibagi ring pirangane meja makene hing nggerombol lan antri.
2. Masalah hadhiyah lawang, ring panggonan liya mesthi hang menang dikongkon mbayar pajek. Hang saiki ditanggung panitia.
3. Iyane kaju ambi sambutane wong-wong sak dawane dalan. Ring Sukojati, lalare sekolah padha nggawa bendera lan ana drumband lalare sekolah ring kiwa tengen dalan. Lan ana barisan gandrung ring Jalan Sutomo ngetan.
Kekarepane, acara kaya gedigi bisa dilakoni saben taun. Taping rutene rada adoh. "Istilahe iki mancat durung keringetan wis gadug," jare kang Ben hang dibarengi kancane pak Slamet (73 taun) hang nganggo helm teka cumplunge kelapa.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor