Jajang lan Gunane Kanggone Wong Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Januari 2024 06:49 WIB)
- Laporan
Kaya hang wis tau dijelentrehaken sabene, nurut wong tuwek hang milu ngedegaken Komunitas Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT), Kang Usik, ana pirangane wit-witan hang sak gerumbule bisa disebut sak barong.
Kang Usik wong Dukuh Talunjeruk, Glagah, iki nyebut jajang, sere, gedhang, tebu, pari.
Dene kanggone wong Using, wite jajang iku sasate hing bisa dipisah teka urip sabendinane, kaya wit kelapa.
Kang Usik nyathet uwite jajang, gunane
a. dienggo nggawe gedheg/langkab. Paedahe dienggo nggedhegi umah, hususe ring jaman bengen merga saiki akeh hang wis disiluri kayu lan tembok.
b. dienggo gawe gunja kanggo ngangsu nyang sumber lan dienggo tadhahe wong ngiris/nderes lirang/aren, ana ring jaman bengen. Saiki magih ana naming akeh pisan hang nganggo wadhah pelastik.
c. dienggo nggawe erenge umah. Sedurunge erenge dipasang, diekum banyu pirang-pirang dina, asile erenge kuwat ditumpuki gentheng puluhan taun lawase.
d. ebunge keneng dienggo jangan. Biyasahe akeh kadhung ngawiti wayah rendheng.
Arane jajang hang kesuwur ring wong Using antarane yaiku Jajang Benel merga akeh gunane. Jajang jenis iki dienggo nggawe gedheg, lan pondhok sawah lan kebonan. Benel uga digawe barang-barang palen kayata welasah, tenong, irig, nyiru, kukusan lan paran bain barang ring njero umah kayata digawe lincak, kursi antik, sengker lan pageran, digawe ebege kerupuk, kurungane pitik lan manuk.
Jaman bengen, benel uga dienggo nggawe ebege bako, erenge umah, banjang, tabuhan angklung, tabuhan kentulitan, palesane pancing. Uga lanjarane Ranti, lobok lan kacang.
Jajang Tali dienggo mberandhing dur/usuk umah utawa pondhok.
Godhonge jajang Tali digawe jamune sapi hang marek ngelairaken anake. Ebunge diparut diperes dijuwut banyune dienggo jamune wong kencing batu.
Seliyane Benel lan Tali, arane jajang nurut budayane wong Using, jare kang Usik yaiku
Ampel, Ori, Petung/Melewuk, Wuluh, Wuluh lampar, Lampar kuning, Tulup, Peting, Surat, Ampel gading, Gabug/Gabes, Petung terasi, Ketangi, jajang Sere, Watu, lan jajang sansangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







