Jaranan Ring Mangsa Pageblug

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Senin, 28 Maret 2022 09:39 WIB)
- Laporan



Isun salah siji penikmat seni budaya Banyuwangi hang sing tau kelalen nyang berita paran bain. Embuh iku sejarahe, cara juget, inovasi, gamelan, uga sampek gadug nyang weruh ambi para pemain lan panjake. Paran maning kebiyasahanisun sakat cilik yaiku ngapalaken arane kesenian Banyuwangi sak alamate. Hing weruh mari kesambet paran, isun nyang ngiling-iling gedigu iku seru dhemene.

Sakat ana pageblug lan paca dipenging metu-metu, ihun wis hing terima merga akeh kegiyatan kesenian ring Banyuwangi padha wurung. Ahire weruh kabar teka kancanisun hang milu janger iku kegiyatan hang diwurungaken sampek puwasaan, gedigu ujare Cak Heru salah siji seniman janger Banyuwangi hang milu ring janger Sastra Dewa Sumber Wangi.

Ahire isun sabar nganteni tampile kesenian ring Banyuwangi lan angger-angger ndonga nyang Pengeran raina wengi. Lawas hing ana kelebate, mara-mara ana kabar hang viral yaiku kanca-kanca seniman ana hang ngamen ring dalanan wilayah Banyuwangi kidulan. Isun maune hing percaya ana istilah ngamen gedigu iku taping nyatane temekaken ya mula ana. Jare cak Embong Banyuwangi (aseline Embong Banyuwangi iku aran channel youtube) saya ana hang diunggah nong youtube ambi para kanca-kanca youtuber seni Banyuwangi.

Mula dhung wis padha mudhun nyang dalanan isun hing bisa menging, kadhang isun ya tau ngerembug perkara iki nyang kanca-kanca hang sing milu nong kegiyatan ngamen iku. Cumpune jawabane ya padha bain ambi hang nong atinisun. Jare salah siji seniman enom Banyuwangi, Andy, arep kelendi maning ya hing bisa menging kerana dhung kene arep menging ya kudune ambi ngewani penemu kelendi carane nggolet picis makene grupe hing dibubaraken.

Sak liyane iku, ana kabar dhung pirangane wilayah maksa main jaranan sak mareke ana persetujuan antarane wong hang ngundang ambi ketua grup jaranan. Naming ya gedigu, akeh warta pisan gok akeh kegiyatan hang kerep dibubaraken. Alae ring kana kanca-kanca ya wis miloni SOP sarat lan aturan teka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi.

Serta wis dimudhunaken hang aran SOP, pirangane seniman lan seniwati padha galapan nggolet job hang sekirane bisa dituruti kaya dene ring njero SOP iku mau. Pirangane kesenian hang manut SOP wis bisa kelaksan tampil sakat awal gadug ahir (isuk gadug soren) hing ana alangan utawa hing dibubaraken.

Ana berita jaranan ngamen nong lampu merah, uga kesebar kabar ana grup jaranan ngamen nong kampung keliling lirih-lirih sak dawane dalan hang mandheg sedhilut-sedhilut. Kabar iku nggawe rame para senior seniman jaranan. Hun tau gesah nong pirangane seniman jaranan banyuwangi dhung anane ngamen iku wis mentok merga hing bisa nggolet dalan maning. Ana maning penemu teka Cak Tyo (seniman senior Banyuwangi hang biyasah milu janger, dalang manten, uga mc jaranan) hang ngomong dhung ngamen iku salah, malah nggawe citra para seniman mudhun derajate. Ana maning penemu teka Cak Brenden (seniman jaranan buta Banyuwangi) hang pelaku senine ngamen taping hing gelem diarani utawa diceluki jaranan ngamen, karepe ya tetep kundangan mung hing kaya biyasahe utawa hing ana tuan rumah.

Pokok macem-macem inpormasi lan penemu teka kanca-kanca seniman jaranan hang sun temoni. Ring kana isun minangka penikmat seni ya kadhang bingung pisan, ya sekaken dhung ngamen gedigu iku. Taping sakat kawitan taun 2022 iki kundangan jaranan wis meraji kaya dene biyasahe. Saben dina wis ana bain hang bisa kundangan uga ring saben kecamatan ring Banyuwangi iki padha diulihi mung tetep kudu patuh ambi peraturan satgas.

Kanca-kanca seni hang sun weruhi ditambah ambi kanca youtuber hang padha ngedum inpormasi, masiya ramene wis kaya biyasahe taping magih ana bain pirangane desa hang durung ngulihi ngundang hiburan kesenian hususe jaranan. Paran maning magih ana bain hang dibubaraken ring pirangane wilayah desa, saute Cak Onie, salah siji youtuber seni senior ring Banyuwangi.

Jaranan ring taun 2022 iki wis bisa rame, mung kari kesenian-kesenian liyane hang durung bisa tandang gawe kaya biyasahe. Mugi bain korona gancang uncal, kesenian ring Banyuwangi bisa tandang.  Para seniman uga masarakat bisa balik girang.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi, youtuber dan beberapa seniman

Editor: Antariksawan Jusuf