Jenggirate Lalare Nom-noman Singojuruh
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 08 Juli 2022 10:35 WIB)
- Laporan
Anane lare cilik-cilik hang megiyet ring seni tari lan tabuhan Singojuruh mesthine sing adoh teka ubege Jiwa Etnik Blambangan (JEB) hang manggon ana ring markase yaiku RTH Singojuruh kecamatan Singojuruh Banyuwangi. Sakjege ana JEB, lare-lare Singojuruh iki kaya duwe panggonan mapan kanggo ngembangaken bakat keseniane.
Sanggar JEB hang dipandegani Adlin Mustika Alam, S.Sn iki ngerangkul nom-noman teka Singojuruh kabeh. Sakat teka panjak sampek penari kabeh diwadhahi lebur dadi siji njunjung seni hang saktemene wis moncer sakat bengen. Sakat Sanggar Jiwa Etnik Blambangan iki ngadeg ring tanggal 22 Januari 2017 kerasa dhung Singojuruh mecukul maning kaya jaman bengen magih jayan-jayane Singojuruh.
Paran maning sakat Adlin hang Sarjana Seni Karawitan STKW Surabaya iki dadi penganten ambi Sadida Nuriya Mustika S.tr.Par hang uga asale penari. Lare-lare cilik lan nom-noman Singojuruh tambah kesat maning serta ana Mbok Sadida hang bisa omes ngopeni lalare penari.
Sakliyane iku lalare Singojuruh uga gelem milu ana ring lomba lan pestival-pestival. Iku kabeh nggawe tambah meromong ring bumi Blambangan iki.
Lare-lare lan nom-noman iki sing ana lerene ngisi acara ring pestival-pestiwal gedhe event B-fest. Kayadene Festival Kebangsaan ring desa Bulusari, Pestival Imlek, lan uga Pestival Padi ring Licin.
Hang sing keneng dilali mestine penari-penarine JEB wis ping kaping-kaping menang ana ring kompetisi tari tingkat Kabupaten, kaya dene Lomba Gandrung Gurit Mangir.
Paran maning kiprahe Mbah Gandrung salah siji grup patrol hang diduweni Singojuruh uga ping kaping-kaping juwara siji lomba patrol sak-Kabupaten Banyuwangi. Tahun 2018 Mbah Gandrung juwara 1, tahun 2019 Mbah Gandrung juwara siji maning lan pungkasan taun 2021 Mbah Gandrung juwara telu Festival Patrol Banyuwangi.
Sakliyane iku Macaan Pacul Gowang teka Singojuruh hang arane “Macaan Isun” uga menang juwara 1 ana ring Pestival Macaan taun 2021. Salah sijine grup macaan milenial hang diduweni Banyuwangi iki uga sing leren-leren tanggapan. Muga bain Macaan Pacul Gowang hang wis emeh ilang teka Banyuwangi iki bisa merujuk maning lan lestari ana ring tangane lare-lare lan nom-noman Singojuruh.
Prestasine Lare-lare Singojuruh iki magih durung mandheg sampek sakmono merga Jiwa Etnik Blambangan lan nom-noman Pasinan uga duwe Janger Cilik hang aran Siswo Karyo Budhoyo. Janger cilice iki kegolong unik merga beda ambi janger-janger hang wis umum. Pemaine kabeh lare cilik hang paling gedhe bain umur 15 taun. Lan maning siji-sijine janger hang nganggo laras selendro Banyuwangian ana ring tabuhane.
Hang paling anyar mestine kadhung Singojuruh saiki duwe Barong Cilik hang buru bain diruwat lan diperas. Baronge digawe dhewek ambi lare Pasinan hang aran Agil.
Muga bain jenggirate lare-lare Singojuruh iki sing mung kaya anget-anget wawa ana ring bengahan mati urube nono ilang angete.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf





