Jerangkonge Banyu Neraka

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 Februari 2024 07:05 WIB)
- Laporan



Ana wong telu hang merdhayoh teka Solo tanggal 24 Pebruari sore ring umah sanggar Studio 67 Joyo Karyo Sawahan Banyuwangi. Wong jak telon iku Ari Rudenko, Sofyan lan Cici. Hang nemoni hing liya maning pimpinane Joyo Karyo kang Elvin Hendratha hang tau nulis buku Angklung Tabung Musik Blambangan.
   Ana paran setemene wong telu iku njujug Sawahan? Jare Elvin, Ari Rudenko iku tukang nggawe/nata tarian aliyas koreografer lan uga direktur kreatif teka komunitas Prehistoric Body Theater, hang manggon ring Surakarta.
    Komunitas iku arepe nggelar “Ghosts of Hell Creek” (Jerangkonge Banyu Neraka) minangka karya teka Prehistoric Body Theater hang seperene didadekaken obyek penelitian disertasine Ari Rudenko ring program Pascasarjana S3 Studi Penciptaan Tari ring ISI Surakarta. Karya iki nggawa munggah panggung petang macem kewan kala bendhu aliyas purba hang diolah dadi petang karakter tari. Merga nduduhaken kewan purba, uga ana kolaborasi ambi ahli paleontologi aliyas ahli kewan purba, sak perlu niteni uripe mahluk-mahluk iku teka fosil hang ana.
   Salah siji karakter hang penting teka “Ghosts of Hell Creek” arane Acheroraptor, yaiku dinosaurus hang endah lan anggun, arupa kewan hang awake emeh padha ambi manuk, kelebu nduwe wulu seriwi lan buntut. Adhegan hang penting diduduhaken yaiku pethithete kewan lanang tepak ngerumrum nyang calon wadone nganggo tarian. Setemene hang gedigi iki kaya lakune manuk Cenderawasih ring Papua tepak hang lanang apik-apikan nggawe tarian dienggo njala sutera wadonane. Adhegane digawe ana rasa welas-asih lan erotis taping endah.
   Adhegan iki magih ring babagan nggoleti rasa hang cocog makene engko bisa gadug nyang penonton kelawan rasa hang apik.
   Tari Gandrung Banyuwangi, kelebu adhegan paju-pajuwane uga nyuguhaken kedadeyan hang energine bisa dirasakaken kaya adhegan kawine Acheroraptor ring karya “Ghosts of Hell Creek”. Solah tari Gandrung lan gendhing hang ngiringi uga dadi inspirasi rasa ring rituale tarian manuk sampek ring proses wajang.
   Perintilan liyane hang dianggep padha yaiku kekarone nekakaken kahanan hang nyenengaken, paran maning seru kerasane ring musik Gandrung.
   Ring gesah iku, hang arep dijugeri yaiku:
1. Fokus risete kanggo ndeleh pondhasi kelawan njelajah bab gandrung lan musik ring karya Ghosts of Hell Creek.
2. Dudu karepe ngakali taping nggoleti sarine Gandrung dienggo njejegaken erohe karya Ghosts of Hell Creek.
3. Nyinaoni Gandrung makene bisa nambahi erohe Ghost of Hell Creek.
4. Nggoleti cantholan kanggo nguwataken Gandrung minangka inspirasi karya.
5. Nggoleti cara nawi bisa kolaborasi ambi seniman tari lan musik ring Banyuwangi.
6. Ngarteni paran iku tari kontemporer lan tradhisi ring Banyuwangi makene bisa njejegaken wates-wates kreatip hang arep dienggo ring proses kreatip tepak nggawe tarian.
7. Mbangun toros hang apik ambi masarakat seni Banyuwangi saingga karyane iki nambahi arume Gandrung kelawan cara ndeleng hang anyar, uga nyang penonton lan lingkungan seni hang anyar.
8. Tujuwane hing mung ring negara dhewek taping kepingine nggawa ring negara manca.
9. Mbandhingaken klasik, kreasi, kontemporer husus tari gandrung miturut para seniman tari Gandrung uga panjake tari Gandrung.
10. Cara ndeleng para seniman ngenani uripe gandrung seperene lan dibandhingaken ambi gandrung bengene. 
11. Umpan balike para seniman nyang cara hang dienggo malaraken gandrung.
12. Paran hang ilang teka malare gandrung?
13. Cara sinau kelawan proses nyantrik ngewani piwulang seni gandrung nyang generasi saiki.
14.Tetenger hang ana ring tari gandrung uga kelebu erotisme lan kesuburan.
15. Wujud solah tari gandrung nduweni hubungan utawa ulih inspirasi teka kewan paran?
16. Perintilane Gandrung paran bain?

(Alihbasa Kang Aang & Anil Assyid'qi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Elvin Hendratha

Editor: Hani Z. Noor