Jugedan Nong Pinggir Banyu

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Selasa, 20 Desember 2022 06:39 WIB)
- Laporan



Sing kaya adate, nggelar acara jugedan hang biyasahe nung ndhuwur genjot ngingsore terob, naming hang iki nyeja dianakaken nung pinggirane banyu mili hang aran Kedhung Serangon ring Desa Kemiren, Kecamatan Glagah.

Serta diurut-urut ceritane, temune hang duwe penemu acara jugedan nung pinggiran banyu mili iku yaiku Slamet Samsul Diharjo, seniman enom aseli Kemiren lulusan Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta (STKW) Surabaya taun 2009.

“Setemene wis sakat bengen kepingin nggelar acara jugedan nung pinggir banyu mili kene iki. Naming ya buru saiki iki keturutan,” jare Samsul nang penulis.

Miturut Samsul, acara iku setemene minangka nduduhaken asile lalare (murid) Pesinauan Osing – Sekolah Adat Osing – uliye ajar njuged. “Anggep bain iki pemanasan, sedurunge lalare tampil nung acara ulang tahune Pesinauan Osing hang kaping 2, hang bakal dianakaken tanggal 21 Januari tahun ngarep,” jare Samsul.

Acara unik lan apik hang nyuguhaken Tarian-tarian Jaran Goyang, Cundhuk Menur lan Jaranan Buta iku uga ditekani lan disakseni ambi Ketua Pengurus Daerah (PD) Aliansi Masyarakat Adat Nusantara (AMAN) Osing Banyuwangi, Mbok Wiwin Indiarti, Ketua Ikawangi Jayapura, lan para Mahasiswa jurusan Tari STKW Surabaya hang dietutaken langsung ambi Dosen Pembimbinge, Lilik Subari.

“Ide nggawe tontonan kaya iki apik lan hebat. Tanpa peralatan utawa genjot hang magrong, naming mung manpaataken lingkungan sak anane, tanpa kelangan estetika senine. Wis, pokoke seniman Banyuwangi iku mula kreatip,” jare Lilik Subari, ambi ngelus-elus jinggote.

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : liputan

Editor: Antariksawan Jusuf